Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 7:8 - Kitab Sutji

8 Wong Israel tumuli matur marang Nabi Samuel: “Sampun kendel-kendel anggen panjenengan ndongakaken kula dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, supados Panjenenganipun mitulungi kita saking tanganipun tiyang Filisti punika.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 7:8
7 Iomraidhean Croise  

Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget pangucapipun, sampun midhanget pangucapipun priyagung juru pangunjukan ingkang kautus dening ratu ing Asyur, gustinipun, supados ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, lajeng badhe paring paukuman, margi saking tembung-tembungipun ingkang sampun dipun pirengaken punika. Milanipun panjenengan kula aturi ndedonga kangge tirahan ingkang taksih kantun punika!”


Marga saka Sion aku ora bisa meneng, lan marga saka Yerusalem aku ora bakal leren, nganti tumeka kabenerane sumunar kaya cahya lan karahayone murub kaya obor.


Manawa wong-wong iku pancen nabi, lan padha mundhi pangandikane Sang Yehuwah, mesthine rak padha nyuwun kanthi adreng marang Sang Yehuwah, Gustine kang sarwa dumadi, supaya piranti-piranti kang isih kari ana ing padalemane Sang Yehuwah, lan kang ana kratone Sang Nata ing Yehuda sarta kang ana ing Yerusalem, aja nganti diangkati menyang ing Babil.


lan matur marang Nabi Yeremia: “Kaparenga kula sami ngaturaken panyuwunan wonten ing ngarsa panjenengan. Panjenengan mugi karsaa ndongakaken kula sadaya dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, kangge ingkang taksih kantun punika sadaya; amargi tiyang ingkang cacahipun kathah namung kantun kula ingkang namung sakedhik punika ingkang taksih kantun kados ingkang panjenengan pirsani piyambak punika.


Kang iku padha akon-ingakonana dosamu sarta padha donga-dinongakna supaya kowe padha waluya. Pandongane wong mursid, kang kaaturake kalawan kayakinan iku gedhe banget dayane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan