I SAMUEL 7:6 - Kitab Sutji6 Bareng wis padha ngumpul ana ing Mizpa, banjur padha nyidhuki banyu lan disuntak ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Apadene padha puwasa lan matur ana ing kono: “Kula sampun sami nglampahi dosa dhumateng Sang Yehuwah.” Lan Nabi Samuel banjur ngakimi wong Israel ana ing Mizpa. Faic an caibideil |
Paduka nunten ngulungaken tiyang-tiyang wau ing tanganing mengsahipun, temah sami nandhang karupekan. Lah salebetipun nandhang karibedan punika lajeng sami sesambat dhumateng Paduka, nunten Paduka piyarsakaken saking langit tuwin awit saking palimirma Paduka ingkang ageng, Paduka paringi tiyang-tiyang ingkang ngluwari saking tanganing mengsah.