I SAMUEL 7:5 - Kitab Sutji5 Nabi Samuel banjur ngandika: “Wong Israel padha kumpulna kabeh ana ing Mizpa; dene aku bakal ndongakake kowe marang Sang Yehuwah.” Faic an caibideil |
Bareng para panggedhening wadya-bala padha mireng, manawa Sang Nata ing Babil wus misuda Sang Gedalya, banjur padha murugi Sang Gedalya, menyang ing Mizpa, yaiku Sang Ismael bin Netanya, Sang Yohanan bin Kareah, Sang Seraya bin Tankhumet, saka ing Netofa, lan Sang Yaasanya, putrane priyayi ing Maakha, kadherekake dening wadya-balane.