Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 7:4 - Kitab Sutji

4 Wong Israel banjur padha nyingkirake para Baal lan Asytoret sarta mung ngabekti marang Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 7:4
11 Iomraidhean Croise  

Dene sababe yaiku anggone wus ninggal Ingsun lan sujud nyembah marang Asytoret, dewa-dewaning wong Sidon, marang Kamos, allahe wong Moab lan marang Milkom, allahe bani Amon, tuwin anggone ora lumaku ing dalan kang Suntedahake kalawan nglakoni apa kang bener ana ing paningalingSun sarta kalawan tansah nindakake sakehe katetepan lan tatananingSun, kayadene Dawud, bapakne.


Kaya ta Sang Prabu Suleman tumuli ngabekti marang Asytoret, dewa-dewaning wong Sidon, lan marang Milkom, dewaning kanisthan sesembahane wong Amon,


manawi lajeng sami wangsul mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manahipun sarta gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun mengsah ingkang mboyongi kadadosaken tawanan wau, punapa malih manawi sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan majeng dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih saha dhateng ing padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka,


Misbyah kang ana ing Betel, tengger pangurbanan kang didamel Sang Prabu Yerobeam, bin Nebat, kang njalari wong Israel padha nglakoni dosa, misbyah lan tengger pangurbanan iku uga karubuhake, watu-watune dipecahi, kaejur-ejur dadi awu, lan sakaning brahala kaobong.


Padha ngaturna kaduwungmu, sarta mratobata marang Sang Yehuwah, munjuka marang Panjenengane: “Paduka mugi karsaa ngapunten sakathahipun kalepatan, ingkang sae mugi lajeng kaparingna, nunten kawula sami badhe ngunjukaken pangaken kawula.


Wong-wong mau bakal padha bali lan manggon ing pangayomaningSun, lan bakal padha tuwuh kaya tanduran gandum; sarta bakal padha kembang kaya wit anggur, kang misuwur kaya anggur ing Libanon.


Wong Israel tumuli padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, padha ngabekti marang para Baal.


Mangkono anggone padha nyingkur Sang Yehuwah, sarta Baal tuwin Asytoret padha disembah.


Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”


Nabi Samuel banjur ngandika: “Wong Israel padha kumpulna kabeh ana ing Mizpa; dene aku bakal ndongakake kowe marang Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan