Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 7:3 - Kitab Sutji

3 Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 7:3
40 Iomraidhean Croise  

Yakub banjur celathu marang brayate lan sakalerehane kabeh: “Padha singkirna sakehe brahala kang ana ing tengahmu, sesucia lan salina sandhangan!


Dene sababe yaiku anggone wus ninggal Ingsun lan sujud nyembah marang Asytoret, dewa-dewaning wong Sidon, marang Kamos, allahe wong Moab lan marang Milkom, allahe bani Amon, tuwin anggone ora lumaku ing dalan kang Suntedahake kalawan nglakoni apa kang bener ana ing paningalingSun sarta kalawan tansah nindakake sakehe katetepan lan tatananingSun, kayadene Dawud, bapakne.


manawi lajeng sami wangsul mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manahipun sarta gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun mengsah ingkang mboyongi kadadosaken tawanan wau, punapa malih manawi sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan majeng dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih saha dhateng ing padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka,


kejaba marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira, iku kang kudu sira bekteni. Manawa mangkono Panjenengane bakal ngluwari sira saka ing tangane sakehing mungsuhira.”


Misbyah kang ana ing Betel, tengger pangurbanan kang didamel Sang Prabu Yerobeam, bin Nebat, kang njalari wong Israel padha nglakoni dosa, misbyah lan tengger pangurbanan iku uga karubuhake, watu-watune dipecahi, kaejur-ejur dadi awu, lan sakaning brahala kaobong.


Mulane saiki, atinira lan nyawanira udinen supaya padha ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira padha miwitana anggonira yasa pasucening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah, supaya pethi prajanjianing Sang Yehuwah lan prabot suci kagunganing Allah kena kagawa lumebu marang ing padaleman kang kaedegake kagem asmaning Sang Yehuwah.”


Anadene sira, putraningsun Suleman, sira diwanuh kalawan Gusti Allahe ramanira lan ngabektia marang Panjenengane kalawan tulus eklas lan legawaning ati, awit Pangeran Yehuwah iku niti priksa sakehing ati tuwin nguningani sakehing kekarepan lan idham-idhaman. Manawa sira ngupaya marang Panjenengane, Panjenengane rena manawa sira sowani, nanging manawa sira ninggal Panjenengane, sira bakal kabuwang ing salawase.


Nanging taksih wonten bab-bab ingkang sae ingkang pinanggih wonten ing paduka, amargi paduka nyingkiraken tugu-tugu brahala saking ing nagari punika saha ngupadosi Gusti Allah kalayan temen-temen.”


Mung bae tengger-tengger pangurbanan ora disingkirake. Bangsa iku durung madhepake atine marang Gusti Allahe para leluhure.


sakathahing tiyang ingkang kalayan saestu anggenipun gadhah kekajengan madosi Gusti Allah, inggih punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allahing para leluhuripun, sanadyan kasucenipun boten timbang kaliyan papan pasucen.”


Manungsa bisa nimbang-nimbang ing sajroning ati, nanging wangsulane ilat iku asale saka Sang Yehuwah.


Wong duraka kareben ninggal dalane, lan wong ala cikben ninggal pangrantame; kareben mratobat marang Sang Yehuwah, mesthi bakal kaparingan sih-palimirma, sarta marang Gusti Allah kita, sabab Panjenengane bakal ngluberake pangaksamane


Bakal Sunparingi ati kang wanuh marang Ingsun, yaiku manawa Ingsun iku Yehuwah. Wong iku bakal padha dadi umatingSun lan Ingsun dadi Allahe, amarga bakal padha mratobat marang Ingsun kanthi gumolonging atine.


Samangsa turune Yehuda krungu bab sakehing bilai, kang Sunrancang bakal Suntandukake marang wong-wong iku, bokmanawa siji-sijine bakal mratobat saka polah-tingkahe kang ala, temah Ingsun ngapura kaluputan lan dosane.”


Pangandikane Sang Yehuwah: “He Israel! Manawa sira gelem bali, sira balia marang Ingsun, lan manawa sira gelem ngedohake para dewanira kang najisake, sira ora susah sumingkir saka ing ngarsaningSun.


Awit saka iku sira tutura marang turune Israel mangkene: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Padha mratobata lan padha ngungkurna brahala-brahalanira lan ninggala sakehing panggawenira kang nistha,


Padha mbuwanga sakehing duraka kang padha sira tandukake marang Ingsun lan atinira sarta rohira padha sira anyarna! Yagene sira bakal padha mati, he turune Israel?


Samaria kudu tampa paukuman, marga mbalela marang Allahe. Bakal padha tiwas dening pedhang, bayi-bayine bakal padha karemuk, wonge wadon kang meteng bakal padha kabedhelan.


Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kanthi lambene, dene atine adoh karo Ingsun.


Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis: “Wis, lungaa, setan! Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni.”


“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.


Nanging Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengane iku kang kudu sira abekteni!”


Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.”


Wedi-asiha marang Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane, sarta anggonmu nglairake sumpah iya demia asmane.


Padha manuta lan wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, padha netepana pepakene lan ngestokna dhawuhe, sarta padha ngabektia lan rumaketa marang Panjenengane.


Bareng ana ing kana kowe lagi padha nggoleki Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan iya bakal ketemu, anggere anggonmu nggoleki kanthi gumolonging ati lan gumolonging nyawamu.


Kowe wedi-asiha lan ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan anggonmu sumpah iku demia asmane.


sabanjure saparone tanah Gilead, Asytarot lan Edrei, kutha-kuthane krajane Prabu Og ing Basan, iku dadi pandumane bani Makhir, putrane Rama Manasye, yaiku pandumane separone bani Makhir miturut gotrah-gotrahe.


Kang iku ing samengko kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang Panjenengane klawan tulus eklas lan setya, sarta padha ngedohna allah sesembahane para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat lan ing tanah Mesir, tuwin padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah.


“Kang iku ing samengko kowe padha mbuwangana allah liya-liyane kang ana ing tengahmu lan atimu padha adhepna marang Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel.”


Banjur padha nyingkirake allah-allah liyane saka ing tengahe sarta padha ngabekti marang Sang Yehuwah. Sang Yehuwah ora bisa menggak penggalihe mirsani kasangsarane wong-wong mau.


Wong Israel padha ndlarung nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah; padha ngabekti marang para Baal lan Asytoret, marang para allahe wong Aram, para allahe wong Sidon, para allahe wong Moab, para allahe bani Amon lan para allahe wong Filisti, padha nyingkur marang Pangeran Yehuwah sarta ora ngabekti marang Panjenengane.


Wong Israel tumuli padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, padha ngabekti marang para Baal.


Mangkono anggone padha nyingkur Sang Yehuwah, sarta Baal tuwin Asytoret padha disembah.


Wasana gegamane Sang Prabu Saul didekek ana ing kabuyutane Asytoret lan layone dipantek ana ing baluwertine kutha Bet-Sean.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan