Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 7:2 - Kitab Sutji

2 Wiwit ing dina iku pethine ana ing Kiryat-Yearim, nganti watara lawas, yaiku rong puluh taun lan umat Israel padha sesambat kabeh marang Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 7:2
13 Iomraidhean Croise  

Sarta maneh ayo padha ngelih pethine Gusti Allah kita mrene, amarga dhek jamane Sang Prabu Saul aku ora padha mikir bab iku.”


Sang Prabu Dawud banjur nimbali sakehe wong Israel wiwit kang ana ing kali Sikhor ing tanah Mesir nganti tekan kang ana ing sacedhake dalan menyang ing kutha Hamat, padha kadhawuhan mboyong pethining Allah saka ing Kiryat-Yearim.


Ing kala semana uga ana sawijining wong maneh kang meca atas asmane Sang Yehuwha, yaiku Nabi Uria bin Semaya, saka ing Kiryat-Yearim. Panjenengane meca bab kutha lan nagara iki, padha kaya kang dipangandikakake Nabi Yeremia.


Mung bae sira ngakonana dosanira, manawa sira wus cidra marang Sang Yehuwah, Gusti Allahira, lan wus ngesokake katresnanira marang para wong ngamanca ana ing sangisoring saben wit kang nggrembel, lan ora nilingake suwaraningSun!, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Tekane wong-wong iku kambi nangis, Ingsun bakal nganthi wong-wong iku klawan paring panglipur; Ingsun bakal ngirid lakune menyang ing kali-kali, liwat ing dalan kang rata, ana ing kono ora bakal padha kesandhung; amarga Ingsun wus dadi ramane Israel, dene Efraim iku putraningSun pembayun.


Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.


Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.


Bareng Sang Malaekating Yehuwah mau wus ngandika mangkono marang wong Israel kabeh, wong-wong iku tumuli padha nangis sora.


Para wong ing Kiryat-Yearim banjur padha teka, marani pethine Sang Yehuwah iku lan diusung menyang ing omahe Abinadab kang ana ing tetengger. Lan Eleazar anake disucekake, supaya ngreksa pethine Sang Yehuwah iku.


Nabi Samuel nuli ngandika marang wong Israel saumat kabeh mangkene: “Manawa kowe padha mratobat marang Sang Yehuwah kalawan gumolonging atimu, nyingkirna para allah liyane lan para Asytoret saka ing tengahmu lan adhepna atimu marang Sang Yehuwah lan padha ngemungna ngabekti marang Sang Yehuwah; Panjenengane banjur bakal mitulungi kowe saka ing tangane wong Filisti.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan