Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 5:9 - Kitab Sutji

9 Nanging bareng dielih mrana, astane Sang Yehuwah ndhatengake pageger gedhe tumrap marang kutha iku. Panjenengane nggebag wong ing kutha iku, bocah-bocah lan para wong tuwa temah padha wudunen.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 5:9
11 Iomraidhean Croise  

mungsuh-mungsuhe padha digebag temah padha mundur, padha kadamel nandhang wirang ing salawase.


Umpamane kaya wong kang lumayu saka ing ngarepe singa, dumadakan kepethuk karo bruwang, sarta bareng tekan ing omahe, lan sendhen ing tembok kalawan tangane katemplekake, banjur kacakot ula.


sarta astane Sang Yehuwah uga nglawan wong-wong mau, padha ditumpes lan kasirnakake saka ing pakemahan nganti entek kabeh.


Nanging manawa kowe ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah, Sang Yehuwah bakal nglawan kowe lan ratumu.


Wong-wong iku tumuli padha ngusung pethine Gusti Allah menyang Ekron. Nanging satekane pethine Gusti Allah ing Ekron, wong ing kono padha sesambat, pangucape: “Anggone marakake pethine Gusti Allahe Israel marang kita iku supaya mateni kita lan bangsa kita.”


Awit saka iku wong-wong banjur padha ngaturi nglempak sakehe ratu kuthane wong Filisti sarta padha matur: “Pethining Gusti Allahipun Israel punika kaaterna, kajengipun wangsul dhateng ing panggenanipun, supados kita saha bangsa kita sampun ngantos dipun pejahi.” Amarga ing sawratane kutha kono ana gegering pepati; astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong ing kono.


Astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong Asdod sarta gawe bingunge wong-wong iku. Panjenengane ngganjar lelara wudun marang wong-wong iku, iya ing Asdod iya ing wewengkone.


Pethine Sang Yehuwah diemotake ing kareta iku, apadene pethi kang isi tikus-tikusan lan pepethaning wudun emas.


Mangkono wong Filisti iku ditelukake lan ora mlebu ing tlatah Israel maneh. Astane Sang Yehuwah nglawan wong Filisti sasugenge Nabi Samuel,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan