Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 5:4 - Kitab Sutji

4 Nanging nalika esuke padha tangi, Dhagon katon tiba kerungkeb ana ing sangarepe pethine Sang Yehuwah, nanging endhase Dhagon lan tangane karo pisan pothol lan mencelat tekan ing tlundhaging lawang, mung gembunge kang isih kari.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 5:4
11 Iomraidhean Croise  

Mangkene iki anggone kaluputane Yakub kailangan, lan iki wohe manawa dosane wus kaedohake: banjur gawe sakehe watuning misbyah kayadene watu gamping kang kapecah-pecah, satemah ora ana maneh tugu brahala lan padupan kang isih ngadeg.


Wong kang ngedegake reca kayu, iku milih kayu kang ora gelis gapuk, golek tukang ahli kang ngedegake reca supaya ora bakal gelis hoyag.


Sira ndhawuhana marang para wong iku mangkene: “Para allah kang ora nitahake langit lan bumi iku bakal sirna saka ing bumi lan saka ing sangisoring langit iki.”


Saben manungsa iku nyatane bodho ora ngreti apa-apa lan saben kemasan padha wirang marga saka reca garapane. Awitdene reca cor-corane iku apus-apus, ora duwe nyawa.


Sakabehe iku tanpa guna, garapan kang dadi wohing pamoyok, lan kang bakal lebur samangsa kasiksa.


“Undhangna ana ing antarane para bangsa lan wartakna, ngadegna tunggul lan wartakna, aja disidhem, kandhakna: Babil wus bedhah, Bathara Bel nandhang wirang, Bathara Merodakh wus nandhang giris. Brahalane padha wirang, para dewane kang nistha padha katempuh ing pagiris.


Malah para dewane lan reca-recane cithakan apadene raja-branane salaka lan emas bakal padha diusungi dadi jarahan menyang ing Mesir, banjur leren sawatara taun ora perang karo ratu ing nagara Lor.


Reca-recane bakal padha diremuk lan sakehe pituwase laku bedhang bakal padha kaobong, lan sakehe brahalane bakal Sunsirnakake; awitdene kabeh mau kaklumpukake srana opahane laku bedhang, mulane bakal bali dadi opahaning bedhang maneh.


Milanipun kadamelna pepethan wudun-wudun panjenengan tuwin pepethan tikus, ingkang ngrisak pasiten panjenengan, saha ngaturna kurmat panjenengan dhateng Gusti Allahipun Israel. Bokmanawi Panjenenganipun lajeng badhe ngunduraken astanipun ingkang awrat pametekipun punika saking panjenengan, saking allah panjenengan saha saking pasiten panjenengan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan