Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 5:3 - Kitab Sutji

3 Esuke wayah bangun wong ing Asdod padha tangi, lah Dhagon tinemu gumluntung mengkureb ana ing lemah, ing ngarepe pethine Sang Yehuwah; wong iku nuli padha njunjung Dhagon dibalekake ing panggonane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 5:3
17 Iomraidhean Croise  

Wong-wong mau tumuli njupuk sapi kang diwenehake tuwin padha cecawis sarta banjur nyebut jenenge Baal wiwit esuk tumeka wayah tengange, tembunge: “Dhuh Baal, mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula sadaya!” Nanging ora ana swara, ora ana kang mangsuli. Ing kono para nabi mau nuli padha jingklak-jingklak ngubengi misbyah kang digawe dening wong-wong mau.


tangane ana, nanging ora bisa nggrayahi; sikile ana, nanging ora bisa lumaku, ora bisa nywara kalawan gurunge;


Sarupaning wong kang ngabekti marang reca bakal padha nandhang wirang, wong kang padha gumunggung marga saka brahala-brahala; sakehing allah padha sujud nyembah marang Panjenengane.


Awitdene ing bengi iku Ingsun bakal tindak ndlajahi tanah Mesir, lan sakehe anak pembarep, iya anake manungsa dalah anake kewan, bakal Sunpateni, mangkono uga sakehe allahe wong Mesir bakal Sunpatrapi paukuman, Ingsun iki Yehuwah.


Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.


Wong kang ngedegake reca kayu, iku milih kayu kang ora gelis gapuk, golek tukang ahli kang ngedegake reca supaya ora bakal gelis hoyag.


Si pandhe nyantosakake si kemasan, kang nipisake logam kalawan palu nyantosakake atine kang nggembleng ing paron; lan banjur celathu marang si tukang patri: “Iku becik,” tuwin garapane nuli dikukuhake kalawan paku, supaya ora gonjang-ganjing.


Allahe iku tumuli ditumpangake ing pundhak, dipikul lan diprenahake ing panggonane; allahe iku banjur ngadeg ana ing kono ora bisa ngalih saka ing panggonane. Sanadyan diuwuh-uwuh ing wong, ora mangsuli lan ora bisa ngluwari wong saka ing karupekane.


Brahala iku kabeh bodho lan gemblung, piwulange dewa iku tanpa guna, awit iku mung kayu walaka.


Pangeran Yehuwah bakal nandukake kang nggegirisi, yaiku nyirnakake para allah ing salumahe bumi, temah saben bangsa ing dhaerah pasisir, bakal padha sujud marang Panjenengane, saka ing panggonane dhewe-dhewe.


Para dhemit kang padha ndeleng Panjenengane, padha sujud ana ing ngarsane karo bengok-bengok: “Paduka punika Putranipun Allah!”


Sawise pitung sasi lawase anggone pethi prajanjiane Sang Yehuwah ana ing wewengkone wong Filisti,


Milanipun kadamelna pepethan wudun-wudun panjenengan tuwin pepethan tikus, ingkang ngrisak pasiten panjenengan, saha ngaturna kurmat panjenengan dhateng Gusti Allahipun Israel. Bokmanawi Panjenenganipun lajeng badhe ngunduraken astanipun ingkang awrat pametekipun punika saking panjenengan, saking allah panjenengan saha saking pasiten panjenengan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan