I SAMUEL 5:2 - Kitab Sutji2 Wong Filisti njupuk pethine Gusti Allah iku, dilebokake ing kabuyutane Dhagon lan diprenahake ing sandhinge Dhagon. Faic an caibideil |
Nalika lagi ngematake raosing anggur iku Sang Prabu Belsyazar dhawuh ngajokake piranti-piranti emas lan salaka kang wus kapundhut dening Sang Prabu Nebukadnezar, kang rama, saka ing Padaleman Suci ing Yerusalem, kagem ngunjuk dening Sang Prabu lan para panggedhe, abdine, para garwane padmi tuwin garwane ampeyan Sang Prabu.
Gusti kawula ngegungaken dhiri wonten ing ngarsanipun Ingkang Kuwaos wonten ing swarga: Pirantosing Dalemipun kaladosaken dhumateng ing ngarsa dalem, gusti kawula kaliyan para pangageng abdi dalem, para garwa dalem ingkang padmi saha ingkang ampeyan lajeng sami ngunjuk ngagem pirantos punika; gusti kawula memuji dhateng dewa-dewa salaka lan kencana, tembagi, tosan, kajeng saha sela, ingkang boten saged ningali, mireng utawi mangretos, sarta gusti kawula boten ngluhuraken Gusti Allah, ingkang ngregem napas dalem saha nemtokaken margi-margi dalem.