Padha wartakna ana ing kadhaton ing Asyur, lan ing sajroning kadhaton ing tanah Mesir, sarta ngucapa: “Padha nglumpuka ang ing gunung-gunung ing sacedhake Samaria, lan nyawanga pageger gedhe kang ana ing satengahe nagara iku sarta panganiaya kang ana ing kutha kono.”
Nanging Sang Filipus jebul ana ing kutha Asdod, tindak nglangkungi ing tlatah kono sarta ngabarake Injil ana ing kutha-kutha kono kabeh nganti tumeka ing kutha Kaisarea.
wiwit saka kali Sikhor ing sawetane tanah Mesir tutug ing tlatah Ekron mangalor, – iku kaetung tanahe wong Kanaan; – panggedhene wong Filisti iku lima, yaiku ing Gaza, Asdod, Askelon, Gad lan Ekron, – apadene bangsa Awi
Nabi Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana, panjenengane maringi jeneng iku: Eben-Haezer, pangandikane: “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene!”