8 Bilai kita! Sapa kang nguwalake kita saka astane Gusti Allah kang nggegirisi banget iku? Iku iya Gusti Allah kang nggebagi wong Mesir srana wewelak rupa-rupa ana ing pasamunan.
Ing kono wong Mesir bakal padha sumurup yen Ingsun iki Yehuwah, yaiku samangsa Ingsun ngagagake astaningSun marang tanah Mesir lan ngentasake wong Israel saka ing satengahe.”
Sabab sapisan iki, Ingsun bakal ngesokake sakehe wewelakingSun marang sira dhewe, marang para abdinira lan marang para kawulanira supaya sira sumurupa yen ing salumahing bumi ora ana kang madhani Ingsun.
Seksi loro mau padha duwe panguwasa ngancing langit, supaya ora ana udan sajrone padha medhar wangsit; lan padha duwe panguwasa ing ngatase sakehing banyu bisa kadadekake getih; sarta nggebug bumi kalawan sawarnaning wewelak sawayah-wayah miturut sakarepe.
temahan padha miris atine, awit pangucape: “Gusti Allahe bangsa iku wis rawuh ana ing pakemahan,” lan kawetu tembunge: “Bilai kita, amarga sadurunge, durung tau kelakon kang kaya mangkono iku.
He wong Filisti, ditatag atimu lan dilanang, supaya ora dadi kawulane bangsa Ibrani iku, kaya dene anggone wong-wong iku biyen padha ngawula marang kowe. Tandangmu dilanang lan mangsaha perang!”
Bareng dideleng dening wong ing Asdod, yen mangkono kaanane, nuli padha ngucap: “Pethine Gusti Allahe bangsa Israel aja nganti tetep ana ing tengah kita kene, awit astane anteb panglawane marang kita lan marang Sang Dhagon allah kita.”