Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 4:5 - Kitab Sutji

5 Satekane pethi prajanjiane Sang Yehuwah ana ing pakemahan, sakehing wong Israel padha surak-surak seru, nganti ngoregake bumi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 4:5
10 Iomraidhean Croise  

Lan Imam Zadhok uga ana ing kono, kadherekake dening sakehing wong Lewi kang ngusung pethi prajanjiane Gusti Allah. Padha nyelehake pethine Gusti Allah – Imam Abyatar uga melu – nganti sakehe wong saka kutha wis padha nyabrang kabeh.


Sang Prabu Suleman tumuli kairingake dening rakyat kabeh, kambi padha ngunekake suling kalawan padha suka pari suka rame, swarane nganti kaya mbelah-mbelahna bumi.


manawa gambirane wong duraka iku ora awet, sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?


Aja pracaya marang tembung goroh, kang mangkene: Iki Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah, Padalemane Sang Yehuwah,


He, sira kang padha nganggep adoh saka dinaning bilai, nanging nyedhakake paprentahan panganiaya;


Manawa ana wong kang pinter ngothak-athik lan apus-apus, ngucap: “Aku medhar wangsit marang kowe bab anggur lan badheg,” iku kang pantes dadi wong kang medhar wangsit tumrap bangsa iki.


Wong kabeh tumuli padha surak-surak binarung swarane kalasangka mau; sawuse wong sabangsa kabeh krungu swaraning kalasangka, banjur padha surak-surak kalawan sora. Dumadakan balowartine jugrug, lan wong kabeh tumuli padha munggah ing kutha, siji-sijine lumaku ngenut enere dhewe-dhewe lan ngrebut kutha mau.


Dene samangsa ana tengara kalasangka sungu wedhus muni melung, nalika sira padha krungu tengara kalasangka iku, wong kabeh nuli padha surak-suraka kang sora, sanalika balowartine kutha iku bakal jugrug, wong sabangsa banjur padha munggaha, saben wong lumakua manut ing enere dhewe-dhewe.”


Satekane ing Lekhi banjur dipapag dening wong Filisti klawan disuraki. Sang Simson katedhakan ing Rohe Sang Yehuwah, temah dhadhung kang ana ing baune dadi prasasat gagang rami kang kobong kena ing geni, sarta bebandane padha lebur udhar saka ing astane.


Lan wong Filisti kang padha krungu suraking wong mau padha ngucap: “Iki swara apa ta kang sora ana ing pakemahane wong Ibrani iku?” Bareng padha ngreti, yen pethine Sang Yehuwah wus teka ing pakemahan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan