I SAMUEL 4:4 - Kitab Sutji4 Bangsa iku nuli kongkonan wong menyang ing Silo, nuli ngusung pethi prajanjiane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, kang lenggah sadhuwuring kerub; putrane Imam Eli karo pisan: Hofni lan Pinehas padha ngiring ana ing sacedhake pethi prajanjiane Gusti Allah iku. Faic an caibideil |
Sawuse Harun lan para anake rampung anggone nutupi barang-barang lan sakehe pirantine pasucen kabeh, samangsa arep budhalan, wong bani Kehat lagi kena lumebu prelu ngusungi barang-barang iku, nanging aja nganti nggepok samubarang kang suci iku, supaya aja nganti nemahi pati. Dadi iku barang-barang ing Tarub Pasewakan kang kudu diusung dening bani Kehat.