I SAMUEL 4:3 - Kitab Sutji3 Nalika wadyabala iku bali menyang pakemahan, para tetuwane Israel padha ngucap: “Yagene Sang Yehuwah kok ndadekake aku padha kagecak kalah dening wong Filisti ing dina iki? Payo padha marani pethi prajanjiane Sang Yehuwah saka ing Silo, supaya Panjenengane rawuh ing tengah-tengah kita lan nguwalake kita saka ing tanganing mungsuh kita.” Faic an caibideil |
Manawa ing nalika iku sira tangkar-tumangkar dadi akeh lan padha bebranahan ana ing tanah kene, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – pethining prajanjiane Sang Yehuwah ora bakal diucapake maneh. Prakara iku ora bakal tuwuh ana ing sajroning ati maneh lan wus ora bakal dieling-eling dening wong maneh; wong wus ora ngupaya lan yasa maneh.
Sang Yusak banjur matur: “Dhuh Gusti kawula Sang Yehuwah, punapaa dene bangsa punika ngantos Paduka dhawuhi nyabrang ing benawi Yarden? punapa supados kawula sami kaulungaken ing tanganipun tiyang Amori, lajeng sami kasirnakaken? Langkung sae manawi kawula sami mutus tetep wonten ing sisih ngrikanipun benawi Yarden punika kemawon!