I SAMUEL 4:2 - Kitab Sutji2 Wong Filisti padha pacak baris adu-arep karo wong Israel. Bareng rame-ramene perang, bala Israel banjur kagecak dening wong Filisti, kang njalari tiwase watara wong patang ewu ana ing satengahe peperangan iku. Faic an caibideil |
Nalika wadyabala iku bali menyang pakemahan, para tetuwane Israel padha ngucap: “Yagene Sang Yehuwah kok ndadekake aku padha kagecak kalah dening wong Filisti ing dina iki? Payo padha marani pethi prajanjiane Sang Yehuwah saka ing Silo, supaya Panjenengane rawuh ing tengah-tengah kita lan nguwalake kita saka ing tanganing mungsuh kita.”