Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 3:9 - Kitab Sutji

9 Mulane Imam Eli ngandika marang Samuel: “Mapana turu maneh lan manawa kowe ditimbali, matura mangkene: Dhuh Sang Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka punika mirengaken.” Samuel banjur bali mapan turu maneh ana ing paturone.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 3:9
9 Iomraidhean Croise  

Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngatingalaken sih-susetya Paduka dhumateng kawula sadaya, saha karsaa maringi karaharjan Paduka dhumateng kawula sadaya.


Aku arep ngrungokake apa kang dadi pangandikaning Allah, Pangeran Yehuwah. Rak tentrem rahayu kang bakal didhawuhake marang umate lan marang para kekasihe, supaya aja nganti bali marang ing kapunggungane maneh?


sarta matur marang Nabi Musa: “Mugi panjenengan kemawon ingkang ngandikani kula, kula badhe sami mirengaken; sampun ta dipun pangandikan dening Gusti Allah, mindhak kula sami nemahi pejah.”


Aku nuli krungu swaraning Pangeran kang ngandika: “Sapa kang bakal Sunutus, lan sapa kang gelem mangkat minangka utusaningSun?” Aku banjur munjuk: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”


kalawan ngandika: “Heh wong kang kinasihan, aja wedi, tentrem rahayu anaa ing kowe, sing santosa, sing santosa!” Sajrone aku dipangandikani mangkono iku, aku rumangsa banjur dadi kuwat maneh lan matur: “Kawula aturi ngandika, dhuh Bendara kawula, awit kawula sampun kaparingan kakiyatan.”


Nanging ngadega, lumebua ing kutha, ana ing kono sira bakal didhawuhi apa kang kudu sira lakoni.”


Wangsulane: “Dudu, Ingsun iki Senapatining wadya-balane Pangeran Yehuwah, lagi rawuh saiki.” Sang Yusak tumuli sujud, wedanane konjem ing bumi, nyembah sarta munjuk: “Gusti kawula karsa ngandika punapa dhumateng ingkang abdi punika?”


Sang Yehuwah banjur ngrawuhi jumeneng ana ing kono lan nimbali kaya kang uwis-uwis: “Samuel, Samuel!” Lan Samuel matur: “Paduka mugi karsaa ngandika, amargi abdi Paduka mirengaken.”


Lan Sang Yehuwah nimbali Samuel maneh, kang kaping telune. Samuel iya banjur tangi nuli marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Imam Eli banjur ngretos, manawa Sang Yehuwah kang nimbali bocah iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan