nanging sing sapa arep ngegungake, ngegungna kang mangkene: manawa dheweke ngreti lan wanuh marang Ingsun, manawa Ingsun iki Sang Yehuwah, kang nedahake kadarman, kaadilan lan kabeneran ana ing bumi; sanyata, iku kang ndadekake keparenging galihingSun,” mangkono pangandikane Sang Yehuwah.
Iku padha dipangandikani mangkene: “Punapa panjenengan sampun sami nampeni Sang Roh Suci, nalika sami manjing pitados?” Nanging banjur padha matur: “Dereng, malah kula dereng nate sami mireng, bilih Sang Roh Suci punika wonten.”
Nalika aku isih bocah, gunemanku kaya bocah, pangrasaku kaya bocah, pamikirku kaya bocah. Bareng saiki aku diwasa, kaananku kaya bocah mau wis dakbuwang.
Lan Sang Yehuwah nimbali Samuel maneh. Samuel iya banjur tangi, nuli marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Nanging Imam Eli ngandika: “Aku ora ngundang, ngger anakku, balia turu maneh!”
Lan Sang Yehuwah nimbali Samuel maneh, kang kaping telune. Samuel iya banjur tangi nuli marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Imam Eli banjur ngretos, manawa Sang Yehuwah kang nimbali bocah iku.