Nanging Sang Malaekate Yehuwah tumuli nguwuh-uwuh marang Rama Abraham saka ing akasa, dhawuhe: “Abraham! Abraham!” Unjuke Rama Abraham: “Kawula nuwun, kula!”
Nabi Musa lan Imam Harun iku panunggalane para imame, tuwin nabi Samuel iku panunggalane kang padha nyebut asmane, iku padha nyebut asmaning Yehuwah, nuli kaparingan wangsulan.
Bareng Pangeran Yehuwah mirsa yen Sang Musa sumedya murugi nyatitekake, tumuli nguwuh saka ing satengahe grumbul eri, pangandikane: “Musa, Musa!” Unjuke Sang Musa: “Kawula nuwun, kula!”
Aku nuli krungu swaraning Pangeran kang ngandika: “Sapa kang bakal Sunutus, lan sapa kang gelem mangkat minangka utusaningSun?” Aku banjur munjuk: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”
Lan Gusti Allah wus netepake wong sawatara ana ing pasamuwan: sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjure ana kang kaparingan kabisan nganakake mukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakake basa roh.
Samuel banjur mlayu marani Imam Eli sarta matur: “Nuwun kula, Rama, punapa Rama nimbali kula?” Nanging Imam Eli ngandika: “Aku ora ngundang, balia turu maneh!” Samuel banjur bali turu.