Kacarita bareng Rama Iskak wus sepuh sarta tingale wus blawur banget nganti ora bisa mirsani, tumuli nimbali Esap putrane pambajeng sarta dipangandikani: “Anakku engger.” Ature Esap: “Kula rama.”
Nanging paningale Rama Israel wus lamur marga saka sepuhe, dadi wus ora bisa mirsani kanthi cetha. Sawuse padha dicedhakake ana ing ngarsane, banjur diarasi sarta dirangkuli.
Nanging kang rama ora karsa, pangandikane: “Aku wus weruh engger! Iya wus weruh aku; iku iya bakal dadi bangsa lan gedhe pangwasane, ewasamono adhine bakal ngungkuli kakangne, lan turune adhine bakal dadi golonganing bangsa kang gedhe.”
Garwane Sang Prabu Yerobeam iya tumuli nindakake mangkono. Sawuse tata-tata nuli tindak menyang ing Silo sarta banjur lumebet ing daleme Nabi Ahia. Nabi Ahia wus ora bisa mirsani maneh, amarga paningale wus tidha-tidha jalaran wus sepuh.
Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun, dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara, amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.
ing nalika kang tunggu omah padha gumeter lan wong-wong kang rosa padha mbungkuk, tuwin para wong wadon kang nggiling padha leren amarga cacahe suda, sarta kang padha ndeleng saka ing cendhela padha dadi lamur kabeh,
Imam Eli wis sepuh banget. Manawa mireng pawarta mungguh apa-apa kang ditindakake putra-putrane tumrap sakehing wong Israel lan padha ngemori turu para wong wadon kang ngladeni ana ing ngarep lawanging Kemah Pasewakan,