Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 27:3 - Kitab Sutji

3 Sang Dawud sabalane padha lereb ing bawahe Sang Prabu Akhis ing Gat, sawiji-wijine kanthi kulawargane; Sang Dawud karo garwane loro, yaiku Ahinoam, wong wadon saka ing Yizreel lan Abigail, tilas somahe Nabal, wong wadon saka ing Karmel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 27:3
7 Iomraidhean Croise  

Senapati Dawud uga ngajak para wong kang ndherekake tindake, sawiji-wijine karo kulawargane lan padha manggon ana ing Hebron.


Ana dene jenenge Nabal lan somahe Abigail. Wong wadon iku limpad ing budi lan ayu rupane, nanging sing lanang iku kasar lan wateke ala. Wong iku turune Kaleb.


Sawuse diaturake marang Sang Prabu Saul, yen Sang Dawud wus ngungsi menyang ing Gat, panjenengane wis ora nggoleki maneh.


Bareng Sang Dawud sabalane rawuh ing kono, kutha iku wus kobong nganti entek, dene para bojone lan anak-anake lanang wadon padha ditawan.


Garwane Sang Dawud karo pisan uga katut katawan, yaiku: Ahinoam, wong wadon saka Yizreel, lan Abigail randhane Nabal wong ing Karmel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan