Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 26:3 - Kitab Sutji

3 Sang Prabu Saul ngadegake kemah ana ing gunung Hakhila ngadhepake pasamunan ing pinggir dalan. Dene Sang Dawud lereb ana ing pasamunan. Bareng Sang Dawud mirsa, yen Sang Prabu Saul nututi menyang ing pasamunan,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 26:3
6 Iomraidhean Croise  

Masmur anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing pasamunan Yahuda.


Sang Dawud sumelang panggalihe amarga Sang Prabu Saul wis tindak nedya ngarah nyawane Sang Dawud. Nalika Sang Dawud ana ing pasamunan ing Zif, ing Khoresa,


Nanging ana wong ing Zif sawatara kang seba marang ing ngarsane Sang Prabu Saul ana ing Gibea sarta matur: “Dawud ndhelik wonten ing sacelak kawula, ing beteng-beteng pareden, ing sacelakipun Khoresa, ing redi Hakhila, kaprenah ing sakidulipun ara-ara samun.


Sang Prabu Saul nuli ngumpulake wong pilihan saka sakehing wong Israel cacahe telung ewu, banjur tindak nglari Sang Dawud lan balane ana ing gunung parang Wedhus Alasan.


Ana wong kang saka ing Zif seba marang ing ngarsane Sang Prabu Saul ing Gibea sarta matur: “Dawud ndhelik wonten ing pareden Hakhila ing pasamunan.”


banjur utusan para telik, nuli kasumurupan, yen Sang Prabu Saul rawuh temenan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan