Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 26:2 - Kitab Sutji

2 Sang Prabu Saul banjur samekta lan tindak menyang ing pasamunan kadherekake wong Israel pepilihan telung ewu sumedya nglari Sang Dawud menyang ing pasamunan Zif.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 26:2
7 Iomraidhean Croise  

Mitra saha tetepangan kawula sami sumingkir, margi saking memala kawula, saha sanak-sadherek kawula sami nebih.


Sang Prabu Saul milih wong telung ewu saka antarane wong Israel, kang rong ewu ndherek Sang Prabu ana ing Mikhmas lan ana ing pagunungan Betel, dene kang sewu ndherek Pangeran Yonatan ing Gibea-Benyamin, nanging luwihe saka iku padha didhawuhi mulih menyang kemahe dhewe-dhewe.


Bareng Sang Dawud wus rampung anggone munjuk mengkono iku marang Sang Prabu Saul, Sang Prabu Saul banjur ngandika: “Apa iku suwaranira, he putraningsun Dawud?” Sawuse iku Sang Prabu muwun kanthi suwara dumeling.


Nalika Sang Prabu Saul kondur sawuse ngoyak-oyak wong Filisti, diaturi uninga mangkene: “Kauningana, Dawud wonten ing pasamunan En-Gedi.”


Sang Prabu Saul nuli ngumpulake wong pilihan saka sakehing wong Israel cacahe telung ewu, banjur tindak nglari Sang Dawud lan balane ana ing gunung parang Wedhus Alasan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan