Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 24:6 - Kitab Sutji

6 Panggalihe Sang Dawud dadi goreh amarga ngiris poncoting pangagemane Sang Prabu Saul;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 24:6
11 Iomraidhean Croise  

Sang Dawud banjur ngandika marang wong mau: “Kapriye? Apa kowe ora wedi ngangkat tanganmu nyedani kang jinebadan ing Sang Yehuwah?”


Nanging sawuse milang kawulane, Sang Prabu Dawud geter galihe, banjur munjuk marang Sang Yehuwah: “Kawula sampun nglampahi dosa ageng, awit nindakaken prakawis punika; dene sapunika dhuh, Sang Yehuwah, mugi abdi Paduka katebihna saking kalepatan punika, awit pratingkah kawula punika bodho sanget.”


Unjuke Nabot marang Sang Prabu Akhab: “Pangeran Yehuwah mugi nebihna kawula saking punika, inggih punika manawi kawula ngantos nyaosaken warisan saking para leluhur kawula dhumateng panjenengan dalem.”


Nanging Aku malah pitutur marang kowe: Padha tresnaa marang mungsuhmu; wong kang nganiaya kowe padha dongakna slamet,


Wong kang nguya-uya kowe, pujekna becik, lan aja koksupatani.


Eling-elingen, aja nganti ana wong kang males ala marang wong kang gawe piala, nanging tansah padha ngudia marang kabecikan, iya tumrap para sadulur, iya tumrap wong kabeh.


Iki aku ana ing ngarepmu ana ing kene. Kowe menehana paseksen kang nglawan aku ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan ing ngarepe jebadane: Sapine sapa kang wis dakepek? Kuldine sapa kang wis dakepek? Sapa kang tau daktindhes? Sapa kang tau dakkasari? Sapa kang wis tau mbeseli aku kanggo nutupi mripatku? Iku arep dakbalekake.”


nuli ngandika marang para pandhereke: “Sang Yehuwah muga ngedohna aku saka pratingkah kang mangkono marang gustiku, marang jebadaning Yehuwah, yaiku mulung tanganku nglawan marang panjenengane, awit panjenengane iku kang jinebadan dening Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan