Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 24:5 - Kitab Sutji

5 Para balane Sang Dawud banjur matur marang panjenengane: “Dinten ingkang dipun pangandikakaken dening Sang Yehuwah sampun dumugi: Lah, Ingsun masrahake satrunira ana ing tanganira, tindakna apa kang sira anggep prayoga.” Sang Dawud banjur jumeneng, lan ngiris poncoting jubah pangagemane Sang Prabu Saul kalawan colongan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 24:5
6 Iomraidhean Croise  

Yagene sira kok nyawiyah marang Sang Yehuwah kanthi tindakira kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah? Uria wong Het iku kok sira pateni klawan pedhang; bojone sira alap lan Uria sira purih patine srana pedhange bani Amon.


Nanging sawuse milang kawulane, Sang Prabu Dawud geter galihe, banjur munjuk marang Sang Yehuwah: “Kawula sampun nglampahi dosa ageng, awit nindakaken prakawis punika; dene sapunika dhuh, Sang Yehuwah, mugi abdi Paduka katebihna saking kalepatan punika, awit pratingkah kawula punika bodho sanget.”


sarehne sira wus nalangsa lan wus ngesorake awakira ana ing ngarsaning Sang Yehuwah nalika sira krungu bab paukuman kang Sunpangandikakake tumrap panggonan iki lan kang padha manggon ing kene, yaiku manawa bakal padha dadi pagiris lan dadi ipat-ipat, sarta ing sarehne sira nyuwek-nyuwek panganggonira lan nangis ana ing ngarsaningSun, tuwin Ingsun iya wus midhangetake iku, – makaten pangandikaning Sang Yehuwah, –


Allahku bakal methuk aku kalawan sih-kadarmane; Gusti Allah bakal marakake aku bisa ngremehake para satruku.


Abisai banjur matur marang Sang Dawud: “Ing dinten punika Gusti Allah sampun masrahaken satru panjenengan wonten ing asta panjenengan, milanipun kalilanana kula nunjemaken Sang Prabu ing bumi kaliyan waos punika, cekap namung sajojohan kemawon, boten sisah kaping kalih.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan