Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 24:4 - Kitab Sutji

4 Panjenengane rawuh ing kandhang-kandhang wedhus ing pinggir dalan. Ing kono ana guwane lan Sang Prabu Saul mlebet ing kono arep turas, mangka Sang Dawud lenggah kalawan balane ana ing sajroning guwa, ing sisih buri.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 24:4
13 Iomraidhean Croise  

Mastakane Prabu Isyboset mau digawa sowan marang ing ngarsane Prabu Dawud ana ing Hebron sarta matur marang Sang Prabu: “Lah punika mastakanipun Prabu Isyboset, putranipun Sang Prabu Saul, mengsah panjenengan dalem ingkang sumedya nyedani panjenengan dalem; ing dinten punika Sang Yehuwah sampun nglilani panjenengan dalem, gusti kawula, nandukaken piwales dhateng Sang Prabu Saul lan tedhak turunipun.”


Manawa wong-wong ing tarubku ora muni: Sapa kang ora wareg marga saka lelawuhane –


Kidung piwulang anggitane Prabu Dawud, nalika ana ing guwa; sawijining donga.


Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Aja ngrusak. Miktam anggitane Prabu Dawud, nalika lumajeng saka ing ngarsane Sang Prabu Saul menyang ing guwa.


Nanging manawa pepati mau klawan ora kajarag, kaya-kaya tangane mau kaagem dening Gusti Allah nindakake iku, Ingsun bakal nedahi sawijining panggonan kang kena diungseni.


Sang Dawud banjur tindak saka ing kono lan ngungsi menyang ing guwa Adulam. Bareng sadherek-sadhereke padha krungu bab iku, padha mrono marani panjenengane.


sarta ngandika marang Sang Dawud: “Panjenengan sampun kuwatos, amargi kanjeng rama boten badhe saged nyepeng panjenengan, malah panjenengan badhe jumeneng ratu ngereh bangsa Israel, lan kula trimah namung dados tiyang ingkang angka kalih, ing sangandhap panjenengan. Kanjeng rama rak ugi sampun uninga bab punika.”


Sang Prabu Saul diaturi pirsa, yen Sang Dawud wis mlebu ing kutha Kehila. Sang Prabu Saul nuli ngandika: “Gusti Allah wis masrahake Dawud ana ing tanganku, amarga mlebu ing kutha kang ana gapura lan ana slarake, iku ateges ngurung awake dhewe.”


Sang Dawud banjur matur marang Sang Prabu: “Kenging punapa dene panjenengan dalem kok miyarsakaken dhateng tembungipun tetiyang ingkang sami munjuk: Lah Dawud ngangkah dhateng bilai dalem.


Pangandikane marang Sang Dawud: “Becik sira tinimbang ingsun, amarga sira nandukake kabecikan marang ingsun, mangka ingsun nandukake piala marang sira.


Pangeran Yehuwah badhe males kasaenan lan kasetyanipun saben tiyang, amargi Pangeran Yehuwah ing dinten punika sampun masrahaken panjenengan dalem wonten ing tangan kawula, nanging abdi dalem boten purun ngagagaken tanganipun dhateng jebadaning Pangeran Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan