Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 2:9 - Kitab Sutji

9 Jangkahe wong kang kinasihan diayomi, nanging wong duraka bakal mati lebur ana ing pepeteng. Amarga panguwasaning wong ora saka karosane dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 2:9
41 Iomraidhean Croise  

Dheweke ditundhung saka ing pepadhang menyang ing pepeteng, lan kabengkas saka ing donya,


Balung-balunge kaya pipa tembaga, ragangane kaya lantakan wesi.


Marga saka mangkono wong cilik duwe pangarep-arep, sarta cangkeme kadursilan kabungkem.


Kowe mesthi bakal ngalami tentrem ana ing tarubmu lan manawa kowe niti-priksa omahmu, mesthi ora ana apa-apa kang ilang.


amarga Sang Yehuwah mirsa lakune wong mursid, nanging lakune wong duraka iku ngener marang karusakan.


Umate nuli diirid metu kalawan nggawa salaka lan emas, lan panunggalane sakehing talere ora ana kang kajengklok siji-sijia.


Panjenengane ora bakal marengake yen sikilku gloyoran, kang ngreksa kowe ora bakal ngantuk.


Pangeran Yehuwah iku kang ngreksa kowe, Pangeran Yehuwah iku pangayomanmu ana ing tengenmu.


Pangeran Yehuwah bakal ngreksa marang lebu lan wetumu, wiwit ing samengko tumeka ing delahan.


Pangeran Yehuwah ngreksa marang sakabehing wong, kang tresna marang Panjenengane, nanging sakehing wong duraka bakal padha ditumpes.


Wadana Paduka mugi madhangna abdi Paduka, kaluwarana margi saking sih-kadarman Paduka!


amarga Sang Yehuwah nresnani kaadilan, lan ora bakal negakake marang para kang kinasihan. Malah padha direksa ing salawase, nanging para turune wong duraka padha ditumpes.


Nalika kawula manah: “Sikilku theklok,” lajeng dipun kiyataken dening sih-susetya Paduka.


He wong kang padha tresna marang Sang Yehuwah padha sengita marang piala! Panjenengane kang ngreksa nyawane para wong kang kinasihan, bakal ngluwari wong-wong iku saka ing tangane para wong duraka.


Atine manungsa ngrasak-rasakake dalane, nanging Pangeran Yehuwah kang ngenerake lakune.


kambi njagi lakuning kaadilan, lan ngreksa lakune para kagungane yaiku wong kang padha setya.


Awitdene Sang Yehuwah kang bakal dadi andel-andelmu, lan kang bakal rumeksa marang sikilmu supaya aja nganti kejiret.


Lah kang dakanggep becik lan prayoga iku: mangan ngombe lan seneng-seneng ing sajroning pagaweane kang dilakoni kalawan ngrekasa ana ing sangisoring langit ing salawase uripe kang cendhak, kang diparingake dening Gusti Allah, awit yaiku pandumane.


Aku sumurup maneh ana ing sangisoring langit, yen ana ing pabalapan iku kang njalari menang dudu rikating playu, lan kaunggulaning perjuangan iku ora kanggo wong kang santosa, uga pangan iku ora kanggo wong kang wicaksana, kasugihan ora kanggo wong kang pinter, sarta kanugrahan ora kanggo wong kang linuwih, amarga wong mau kabeh padha mbarengi mangsa-kalane tuwin pancen nasibe mangkono.


Ingsun, Yehuwah kang ngreksa; Ingsun kang tansah nyirami. Supaya aja ana wong kang ngrusuhi, rina wengi Sunjaga;


Lungguha kalawan meneng lan lumebua ing pepeteng, he putri Kasdim! Sabab sira ora bakal dikandhakake maneh dadi ratu ing sadhuwure para karajan.


Yagene kita kok mung padha lungguhan bae? Payo padha ngumpul lan ngungsi menyang ing kutha kang santosa lan lebur ana ing kono! Awit Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, nglebur kita, maringi omben-omben racun marang kita, sabab kita wus gawe dosa ana ing ngarsane.


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Wong kang wicaksana aja ngendel-endelake kawicaksanane, wong rosa aja mamerake karosane, wong sugih aja ngegung-egungake kasugihane;


sarta nyabrangake wong-wong iku nalika pinuju banjir gedhe. Nanging numpes nganti tapis wong kang padha nglawan Panjenengane, tuwin para mungsuhe padha kagiring kaparakake marang pepeteng.


Dene iku dinaning bebendu, dina kasusahan lan karubedan, dinane gempuran lan panumpesan, dinaning pepeteng lan surem, dinane mendhung lan pegowong,


Panjenengane banjur pratela: “Iki pangandikane Pangeran Yehuwah marang Zerubabel: ora srana kasantosan lan ora srana kakuwatan, nanging marga dening rohingSun. – Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. –


Pangeran Yehuwah muga maringana berkah marang kowe, lan ngayomana kowe;


mangka para putraning Kraton bakal padha kabuwang menyang pepeteng ing jaba, ing kono bakal ana tangis lan keroting untu.”


Nanging kita padha sumurup, yen kabeh kang kamot ing kitab Toret iku katujokake marang wong-wong kang kawengku ing angger-anggering Toret, supaya wong kabeh padha kabungkem cangkeme, lan sajagad kabeh iki kena kapatrapan ing paukumane Gusti Allah.


Sanyata, Panjenengane ngasihi marang umate, sakehe para abdine kang suci, – punika sami wonten ing pamengku Paduka saha sami ngadhep wonten ing ngarsaning sampeyan Paduka saha nampeni punapa-punapa saking pangandika Paduka.


Yaiku, kowe kang padha kareksa dening panguwaosing Allah marga saka pracayamu sajrone kowe padha nganti-anti marang karahayon kang wis cumawis lan kang bakal kawedharake ing jaman wekasan.


Guru-guru palsu iku kaya sumber kang asat, kaya mega kang kabuncang ing prahara; wong-wong iku wis padha kasadhiyanan panggonan kang peteng ndhedhet lelimengan kang nggegirisi banget.


Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristus sarta sadulure Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Gusti Yesus Kristus.


Prasasat ombaking sagara kang mawalikan, kang ngunthukake kanisthane dhewe, padha kaya lintang-lintang kang wus kacawisan panggonan ana ing jagading pepeteng langgeng salawase.


He para kekasih, sarehne banget anggonku mbudidaya nulis layang marang kowe bab karahayon kita kabeh, mulane aku rumangsa kadereng nulis iki lan mituturi kowe, supaya padha tetepa perang mbelani iman kang wis kapasrahake marang para suci.


Margi saking punika, dhuh bendara kawula, demi asmanipun Sang Yehuwah, ingkang gesang saha asma dalem, ingkang dipun penggak dening Pangeran Yehuwah anggen panjenengan dalem badhe ngwutahaken rah lan tumindak piyambak ngupados kaleresan, kajengipun kados Nabal mengsah panjenengan dalem saha tiyang ingkang badhe nandukaken piawon dhateng panjenengan dalem.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan