Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 2:8 - Kitab Sutji

8 Panjenengane njunjung wong asor saka ing lebu, lan ngentas wong mlarat saka ing blethokan, kalungguhane jajar karo para bangsa luhur, lan ndadekake dheweke oleh kalungguhan kang mulya. Amarga Sang Yehuwah kagungan dhasaring bumi; lan Panjenengane mrenahake dharatan ana ing dhuwure.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 2:8
31 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu tumuli utusan nimbali Yusuf, kang banjur enggal-enggal kawetokake saka ing pakunjaran, nuli cukur lan salin sandhangan, banjur sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Pringon.


Mulane sira kang nguwasanana kadhatoningsun, sarta sakehe para kawulaningsun kabeh ngestokna prentahira, mung marga saka dhampar iki bae anggoningsun ngungkuli sira.”


Mulane sira matura marang abdiningSun Dawud mangkene: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados: Ingsun kang nimbali sira saka ing pangonan, nalika sira nggiring wedhus-wedhusira, supaya jumeneng ratu ngereh umatingSun Israel.


“Ing sarehne sira wus Sunjunjung saka ing lebu sarta Sundadekake ratuning umatingSun Israel, mangka lakunira kaya dene Yerobeam tuwin akon umatingSun Israel supaya nglakoni dosa, satemah njalari gerahing penggalihingSun marga saka dosa iku,


Sang Yehu banjur jumeneng lan lumebet ing dalem. Nabi enom mau nuli ngesok lenga ing mustakane Sang Yehu kalawan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Sira wus Sunjebadi dadi ratuning umate Pangeran Yehuwah, yaiku bangsa Israel.


pangucape: “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”


Ayub banjur njupuk wingka kagawe ngeroki awake, sarta nglosod ana ing pawuhan.


Aturku mangkene: “Dhuh Gusti Allah kawula, Paduka mugi sampun mundhut kawula ing sapalihing umur kawula! Taun-taun Paduka punika lestantun turun-tumurun!”


Ingkang nalesi bumi wonten ing ancik-ancikipun, satemah boten gonjang-ganjing ing salimi-laminipun.


Nanging wong mlarat padha diayomi supaya ora katindhes, sarta anak-putune padha ditangkar-tangkarake kaya pepanthan wedhus kehe.


Awit Panjenengane kang nitahake kalawan ditalesi segara ditetepake tumumpang ing kali-kali.


“Manawa Ingsun nemtokake wektune, Ingsun piyambak kang bakal mancasi kalawan adil.


Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur; Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)


Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon, lan iya ora saka ing pasamunan,


Awit wong anom mau metu saka ing pakunjaran banjur dadi ratu, sanadyan laire ana ing sajroning kamlaratan nalika kang sepuh mau ngasta paprentahan.


Ingsun bakal maringi kalungguhan kang santosa marang dheweke, kayadene canthelan kang kapasang kukuh ana ing tembok; mulane banjur dadi palungguhan kang mulya tumrap kulawargane.


Dhaniel banjur kaparingan kaluhuran dening Sang Prabu: kaganjar peparing kang linuwih, tuwin kawisudha dadi kang ngasta pangwasa ing saindenging wilayah Babil lan dadi panggedhene sakehing wong wicaksana ing Babil.


Pangandika iki miturut putusaning para kang padha jaga lan bab iki manut tembunge para suci, supaya para wong ngaurip sumurupa, manawa Kang Mahaluhur iku nguwaosi karajaning manungsa lan maringake karajan iku marang sapa kang dikarsakake, malah sanadyan wong kang asor dhewe bisa kaparingan kalungguhan iku dening Panjenengane.


iku dipanggedheni dening priyagung tetelu, Sang Dhaniel kagolong tetelu iku. Para wakil-raja mau kudu padha ngaturake tanggung-jawab marang katelune iku, supaya Sang Prabu aja nganti kapitunan.


Panjenengane dadi cahya kamulyane Gusti Allah sarta gambar wujuding Allah lan nyanggi samubarang kabeh sarana sabdane kang kebak panguwasa. Lan sawise rampung anggone ngresiki dosa, Panjenengane lenggah ing satengene Kang Mahaagung ana ing ngaluhur;


Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakake marang kang padha nresnani Panjenengane?


lan kang wus ngangkat kita dadi sawijining karajan, padha dadi imam sumaos marang Gusti Allah, kang Rama, – iya kagem Panjenengane iku kamulyan lan panguwasa nganti ing salawas-lawase. Amin.


Lan ing kono ora bakal ana wayah bengi maneh, sarta ora susah nganggo padhanging damar utawa srengenge, amarga Pangeran Allah kang bakal madhangi, sarta wong-wong mau bakal padha mrentah kaya ratu langgeng ing salawas-lawase.


Sing sapa unggul, iku bakal Sunwenangake lungguh kalawan Ingsun ana ing dhamparingSun, padha kaya Ingsun uga wus unggul lan banjur lenggah kalawan RamaningSun ana ing dhampare.


sarta Paduka dadosaken karajan lan imam sumaos ing Allah kita, sarta sami badhe dados ratu wonten ing bumi.”


Sawuse iku Nabi Samuel matur: “Sanadyan panjenengan dalem piyambak sampun ngakeni alit, rak sampun kajunjung dados pangagengipun para taler Israel? Lan Sang Yehuwah rak sampun njebadi panjenengan dalem dados ratunipun bangsa Israel?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan