Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 2:7 - Kitab Sutji

7 Sang Yehuwah paring mlarat lan sugih, Panjenengane ngesorake lan ngunggulake uga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 2:7
17 Iomraidhean Croise  

Sang Yehu banjur jumeneng lan lumebet ing dalem. Nabi enom mau nuli ngesok lenga ing mustakane Sang Yehu kalawan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Sira wus Sunjebadi dadi ratuning umate Pangeran Yehuwah, yaiku bangsa Israel.


Amargi kasugihan saha kamulyan punika pinangkanipun saking Paduka saha Paduka ingkang nguwaosi samukawis; kakiyatan saha kaunggulan punika wonten ing asta Paduka; Paduka ingkang ngasta pangwaos ngagengaken saha nyantosakaken samukawis sadaya.


Sang Prabu Hizkia kaparingan kasugihan lan kamulyan kang gedhe banget. Sang Prabu nuli yasa gedhong-gedhong kanggo nyimpen barang-barang emas, selaka lan sesotya kang larang-larang, anggi-anggi, tameng-tameng lan sawernane barang kang endah-endah,


Sang Prabu yasa kutha-kutha sarta banjur kagungan wedhus lan sapi akeh, marga Gusti Allah paring raja-brana akeh banget marang panjenengane.


pangucape: “Wuda anggonku metu saka ing guwagarbane embokku, iya wuda anggonku bali mrana. Pangeran Yehuwah kang paring, Pangeran Yehuwah kang mundhut; pinujia asmane Sang Yehuwah!”


Anggone ngencengake buntute kaya wit eres, otot-ototing pupune bebuletan,


Wong asor kasengkakake marang kaluhuran, tuwin wong prihatin pinaringan pitulungan kang santosa.


Awit kawula nedha awu kadosdene roti, saha omben-omben kawula, kawula campuri luh.


Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon, lan iya ora saka ing pasamunan,


nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim: nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine.


Wong sugih lan wong mlarat padha papagan, sakaro-karone Pangeran Yehuwah kang nitahake.


Amarga Sang Yehuwah Gustine sarwa tumitah nemtokake dinane anggone bakal ngukum sakehe wong kang kumalungkung lan angkuh sarta ngukum marang sakehing wong kang kumaluhur-luhur, prelu kaesorake;


Amarga lah, Ingsun wus ndadekake sira asor ana ing antarane para bangsa, diremehake ana ing antarane manungsa.


Ing kono kabeh wit-witan ing ara-ara bakal padha sumurup, yen Ingsun, Yehuwah, ngasorake wit kang dhuwur lan ngluhurake wit kang asor, ndadekake alum lan garing wit kang seger lan ndadekake trubus maneh wit kang alum lan garing. Ingsun, Yehuwah, kang ngandikakake lan bakal nindakake iku.”


Esorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan