Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 2:6 - Kitab Sutji

6 Sang Yehuwah iku ngganjar pati-urip, Panjenengane nyemplungake wong marang ing jagade wong mati lan ngentas saka ing kono.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 2:6
20 Iomraidhean Croise  

Sang Yehuwah njurungi panyuwune Nabi Elia iku, lan nyawane bocahe tumuli bali marang ing awake, temah dadi urip maneh.


Sawuse maos layang iku Sang Nata ing Israel banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan ngandika: “Apa ingsun iki Gusti Allah kang bisa mateni lan nguripake, dene wong iki kok kongkonan marang ingsun supaya ingsun nyarasake wong kang lara saraat? Satemene, padha gatekna lan wawasen, wong iku rak mung golek dadakan marang ingsun.”


Awit Gusti Allah kang natoni, nanging kang mblebed uga; iya natoni, nanging astane nyarasake.


Aku digubed ing talining pati, sarta ditempuh ing rasa wedi marang jagading wong mati, tuwin ngrasakake karupekan lan kasusahan.


Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngentas nyawa kawula saking ing teleng palimengan, Paduka nggesangaken kawula wonten ing antawisipun tiyang-tiyang ingkang sampun lumebet ing kubur.


Pinujia Pangeran! Sadina-dina Panjenengane nanggel urip kita. Gusti Allah iku karahayon kita. (Selah)


Paduka ingkang murugaken kawula ketaman ing karibedan tuwin kasangsaran kathah, inggih badhe nggesangaken kawula malih, saha ngentasaken kawula saking telenging bumi.


Ana wayahe mateni, ana wayahe marasake; ana wayahe mbubrah, ana wayahe mbangun.


Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih, mayitipun sami badhe tangi malih. He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah, tangia lan surak-suraka! Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang, lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh.


Awit saka iku sira medhara wangsit lan tutura marang wong-wong iku: Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Lah Ingsun mbikak kubur-kuburira lan nangekake sira kabeh saka ing kono, he, umatingSun, lan Ingsun bakal ngirid sira menyang ing tanah Israel.


Panjenengane tumuli ngandika marang aku: “He, anaking manungsa, balung-balung iki apa bisa diuripake maneh?” Aku munjuk: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka ingkang nguningani!”


Awit padha kaya Yunus anggone ana ing wetenge iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jerone telenging bumi telung dina telung bengi.


Gusti Yesus tumuli ngandika: “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati.


Saiki sira padha nitenana, yen Ingsun, iya Ingsun iki Panjenengane; ora ana Allah, kajaba Ingsun. Ingsun kang mateni, lan iya Ingsun kang nguripake, Ingsun kang ngremuk, lan iya Ingsun kang marasake; sarta ora ana kang bisa ngluwari saka ing astaningSun.


lan Kang Gesang, Ingsun wus seda, nanging wruhanira, Ingsun gesang nganti salawas-lawase apa maneh Ingsun ngasta sakabehing kuncine pati lan kratone pati.


Nanging Sang Dawud matur maneh: “Ingkang rama temtu sampun uninga, bilih panjenengan remen dhateng kula. Mila panggalihipun: Yonatan aja nganti ngreti prakara iki, mengko mundhak sedhih atine; ewadene, demi Sang Yehuwah ingkang agesang, lan demi gesang panjenengan, antawisipun pejah kaliyan kula namung wonten sajangkah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan