Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 2:5 - Kitab Sutji

5 Sing sapa wareg dhisik, saiki bakal buruh golek pangan, nanging wong kang luwe dhisik, saiki bisa ngaso. Malah wong kang gabug, nglairake anak pitu, nanging wong kang sugih anak, dadi loyo.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 2:5
11 Iomraidhean Croise  

Wong kang gabug dilungguhake ing omah, dadi ibune bocah-bocah, mulane kebak kabungahan. Haleluya!


He para kagungane Pangeran kang suci, padha wedi-asiha marang Sang Yehuwah, wong kang wedi-asih marang Pangeran Yehuwah padha ora kekurangan apa-apa.


Nagara susah lan aclum; Libanon kisinan lan ambruk mati; Saron wus kaya ara-ara, Basan lan Karmel padha brindhil.


Surak-suraka, he wong gabug kang ora tau nglairake jabang bayi! Bungaha kalawan sumyak-sumyak lan giyak-giyaka, he sira kang ora tau nglarani! Amarga kang ditinggal dening sing lanang iku bakal duwe anak kehe ngungkuli anake wong kang padha bebojoan, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Wong wadon kang wus manak kaping pitu katon nglayung, napase sesek, tumrap dheweke srengenge wus surup sanadyan ing wayah awan, sarta nandhang wirang isin. Kekarene bakal Sunulungake marang pedhang ana ing ngareping mungsuhe. Mangkono pangandikane Sang Yehuwah.”


Panjenengane ngluberake samubarang kang becik marang wong kang keluwen, lan wong kang sugih padha tinundhung legeh.


Nanging Rama Abraham mangsuli, pangandikane: Angger, elinga, yen kowe wis tampa samubarang kang becik salawase uripmu, nanging Lazarus tampa samubarang kang ora apik. Saiki dheweke tampa panglipur, dene kowe nandhang sangsara banget.


Awit ana tulisan: “Bebungaha, he wong gabug kang ora tau nglairake! Bebungaha lan surak-suraka, he kowe kang ora tau nglarani! Sabab kang ditinggal bojone, bakal duwe anak luwih akeh tinimbang kang duwe bojo.”


Lan piyambakipun ingkang badhe nglejaraken panggalih panjenengan saha ngopeni panjenengan ing wekdal panjenengan sampun uwanen, amargi mantu panjenengan ingkang tresna dhateng panjenengan sampun nglairaken jabang bayi, ingkang aosipun nglangkungi anak jaler pitu.”


Sawuse sataun Hana ngandhut lan nglairake bayi lanang, kang dijenengake Samuel, amarga pangucape: “Iku olehku nyuwun marang Sang Yehuwah.”


Nanging marune tansah nglarakake atine kareben nepsu, amarga Sang Yehuwah nutup guwagarbane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan