Sira ora bisa tumindak apa-apa kejaba mung njingkrung ana ing satengahe wong-wong kang kinepung, sarta tiwas ana ing satengahe para wong kang pinatenan! Sanadyan iki kelakon kabeh, dukane Sang Yehuwah durung mendha, lan astane isih kaagagake.
Lan saupama sira nggepuk lan bisa ngalahake sakehe bala Kasdim, kang merangi sira iku nganti mung ana kekarene kang ketaton banget, ana ing pakemahane dhewe-dhewe bakal padha gumregah lan ngobong kutha iki.”
ewasamono para juru pangrusak bakal nekani tanah Babil, para prawirane bakal padha dicekeli lan gandhewane bakal padha remuk, amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang paring piwales; Panjenengane mesthi bakal nandukake piwales.
Nanging paring wangsulane Gusti marang aku: “Sih-rahmatingSun iku nyukupi marang sira, awit kuwasaningSun iku malah kasampurnakake ana ing sajroning kaapesan.” Awit saka iku aku luwih seneng ngegung-egungake kaapesanku, supaya panguwaose Sang Kristus dumunung ana ing aku.
Sarta apa maneh sing kudu dakpratelakake? Jalaran aku bakal kakurangan wektu, manawa aku arep nyritakake bab Hakim Gidheon, Barak, Simson, Yefta, Sang Prabu Dawud lan Nabi Samuel sarta para nabi,
nyirep geni kang mulad-mulad. Wong iku padha oncat saka landhepe pedhang, wus tampa kakuwatan sajrone nandhang apes, wus padha dadi santosa ing sajroning paprangan sarta wus ngundurake wadyabalaning mungsuh.