Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 2:3 - Kitab Sutji

3 Kowe aja tansah umuk-umukan, aja ana panyenyamah kang kawetu saka ing cangkemmu. Amarga Sang Yehuwah iku Gusti Allah kang mahawikan, lan kabeh panggawemu dinadar ing Panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 2:3
26 Iomraidhean Croise  

Paduka mugi inggih karsaa midhangetaken wonten ing swarga, papan padaleman Paduka ingkang tetep, saha Paduka mugi karsaa paring pangapunten, karsaa tumindak tuwin paring piwales dhumateng sinten kemawon ingkang salaras kaliyan sakathahing lampah-lampahipun, awit Paduka nguningani manahipun – amargi namung Paduka ingkang nguningani manahipun sadaya para anaking manungsa –


muga aku ditimbanga ing traju kang tliti, ing kono Gusti Allah bakal uninga, manawa aku ora duwe kaluputan.


Gusti Allah kita iku agung lan ngleluwihi kakiyatane, kawicaksanane ora kena winirasa.


Tiyang wau sami boten ngatingalaken sih-kawelasan, sami ngumbar kumalungkungipun;


Dhuh Yehuwah, kawula mugi sampun ngantos Paduka tegakaken ing salebetipun nandhang kawirangan, amargi kawula nyebut dhumateng Paduka; tiyang duraka punika kajengipun sami nandhang kawirangan mandhapa dhateng teleng palimengan klayan kendel.


Saupami kawula sami kesupen dhateng asmanipun Gusti Allah kawula, lan ngegaraken tangan kawula dhumateng allah sanesipun,


Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.” Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!


Tiyang-tiyang wau sami mutahaken tembung-tembung ingkang digsura, sarta sakathahing tiyang ingkang nglampahi piawon sami gumunggung.


Wong padha ngarani resik marang dalane, manut wawasane dhewe, nanging Pangeran Yehuwah kang ndadar ati.


Manawa kowe kandha: “Prakara iku ora ngreti temenan!” Pangeran kang neter ati apa ora mirsa ing sanyatane? Apa Panjenengane kang rumeksa nyawamu iku ora mirsa, iku males marang manungsa miturut panggawene?


Wedi-asih marang Sang Yehuwah iku sengit marang piala, Ingsun sengit marang piangkuh, ambek kumlungkung, sarta polah-tingkah kang ala, apadene cangkem kang kebak cidra.


Marginipun tiyang leres punika lurus, amargi Paduka ingkang miwiti nglencengaken marginipun.


Sapa kang sira cacad lan sira ala-ala iku? Sapa kang sira sumbari lan kang sira deleng kalawan gumunggung iku? Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel!


Ingsun, Yehuwah, kang niti-priksa ati, kang ndadar batining manungsa, lan banjur males marang saben wong, kang timbang karo polah-tingkahe, lan wohing panggawene.”


Kalawan mangkono iku sira ngegungake awakira dhewe ana ing ngarsaningSun kanthi pangucapira sarta akeh banget tembungira marang Ingsun. Iku Sunpiyarsakake.


Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung.


Tekel: gusti kawula dipun timbang mawi traju lan pinanggihipun kenthengen;


Tembung-tembungira tumrap Ingsun iku digsura – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – nanging unjukira: “Kawula sami ngraosi Paduka kadospundi?”


Sabab pangandikane Gusti Allah iku gesang lan santosa sarta luwih landhep tinimbang sakabehing pedhang kang landhep kiwa-tengen. Tumamane bebles nganti misahake nyawa lan roh, ros-rosan-ros-rosan lan sungsum; bisa mbedakake panimbang lan pangangen-angening ati kita.


“Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah inggih Gusti Allahipun sadaya allah, Sang Yehuwah, punika ingkang nguningani sarta tiyang Israel pantes ugi nyumerepi! Manawi kalampahanipun punika margi saking kekajengan badhe mbalila utawi boten setya dhumateng Sang Yehuwah, kula sampun ngantos sami kaparingan wilujeng dening Yehuwah ing dinten punika;


Apadene anak-anake bakal padha Suntumpes. Temahan sakehe pasamuwan bakal padha sumurup yen Ingsun iki kang nupiksani batin lan atining manungsa. Sarta Ingsun bakal males marang sawiji-wijine panunggalanira miturut sapanggawenira.


Paring wangsulane Sang Zebul marang Gaal: “Ana ing ngendi saiki cangkemmu kang duwe pangucap: Abimelekh iku sapa, dene aku kok padha ngawula marang dheweke? Iki wong-wong kang padha kokcampahi. Saiki majua tempuhen iku!”


Nanging pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel: “Aja mawang marang paraupan lan dhuwuring dedege, amarga iku wis Suntampik. Pamirsane Gusti Allah iku beda karo pamawange manungsa; manungsa mung nyawang marang kang kasat-mripat; nanging Sang Yehuwah mirsani isining atine.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan