Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 15:3 - Kitab Sutji

3 Mulane saiki mangkata, wong Amalek iku telukna, apa kang tinemu ana ing wong-wong iku sirnakna sarta aja ana kang sira welasi. Wonge lanang, wonge wadon, bocah-bocahe lan pasusone, sapine lan wedhuse, untane lan kuldine, kabeh padha patenana.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 15:3
20 Iomraidhean Croise  

Anadene Timna iku selire Elifas anake Esap, iku nglairake Amalek patutan karo Elifas. Iku mau putu-putune Ada somahe Esap.


Sang Prabu ndangu dhateng kawula: Kowe sapa? Wangsulan kawula: Kawula tiyang Amalek.


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Kabeh iki tulisana ing buku minangka pangeling-eling, lan Yusak konen ngeling-eling temenan, yen Ingsun bakal nyirnakake babar pisan pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisoring langit.”


Sira aja sujud utawa ngabekti marang iku, awitdene Ingsun, Yehuwah Allahira, iki Allah kang sujanan, kang males kaluputane bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat tumrap wong kang padha sengit marang Ingsun,


Bareng ndeleng wong Amalek, Bileam banjur medharake kidunge, mangkene: “Wiwitane para bangsa iku Amalek, nanging wekasane bakal ngalami rusak.”


Kang iku sakehe anake lanang wong-wong iku padha patenana, lan sakehe wong wadon kang wus tau awor turu karo wong lanang iya padha patenana;


nagara iku dalah ratune lan sakehing nagara wewengkone, padha karayud sarta kagecak klawan landheping pedhang. Sakehing wong ing kono padha dipateni, ora ana siji-sijia kang bisa oncat; padha kaya kang wus katandukake marang Hebron lan Libna sarta ratune, Debir saratune uga kapatrapan mangkono.


Panjenengane nindakake pakaryan kang linuwih, ngasorake wong Amalek lan ngluwari Israel saka ing tangane kang padha njarahi.


Sang Yehuwah sampun dhawuh nglurug dhateng panjenengan dalem, kanthi piweling: Sira mangkata, nglurugana wong kang padha nglakoni dosa iku, padha sirnakna, yaiku wong Amalek. Sira peranga nglawan wong-wong iku, iku padha sira tumpesa.


Nanging Sang Prabu Saul sabalane ngluwari Sang Prabu Agag, wedhus-wedhuse, apadene sapi-sapi kang becik-becik lan lemu-lemu, dalah cempe-cempene sarta samubarang kang pangaji, iku kabeh ora disirnakake. Mung sakehing kewan lan barang kang ora pangaji tur ala iku kabeh padha ditumpes.


Uga wong ing Nob kuthane imam iku, padha dipateni Sang Prabu klawan landheping pedhang lananga wadona, apadene bocah-bocah lan bayi suson, dalah sapi, kuldi lan wedhuse uga padha dipateni.


Nalika Sang Dawud nempuh kutha iku, ora ana siji bae kang diuripi, iya lananga iya wadona. Sang Dawud njarah wedhus-wedhus, sapi, kuldi unta lan sandhangane, banjur bali sowan marang Sang Prabu Akhis.


Lan esuke Sang Dawud nggecak wong-wong iku wiwit esuk umun-umun nganti tekan suruping srengenge; ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kejaba wong nom-noman patang atus kang bisa mlayu nunggang unta.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan