Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 13:4 - Kitab Sutji

4 Mengkono iku sakehe wong Israel banjur padha krungu kabar, yen Sang Prabu Saul wis ngalahake bala Filisti kang ngejegi, lan awit saka iku wong Israel banjur disengiti dening bangsa Filisti. Wong Israel tumuli dikerigake, didhawuhi ndherek Sang Prabu Saul menyang ing Gilgal.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 13:4
9 Iomraidhean Croise  

Ing kono Yakub celathu marang Simeon lan Lewi: “Kowe iku padha gawe sangsaraku, marga jenengku kokgawe bacin ana ing nagara kene, ing antarane bangsa Kanaan lan wong Feris, mangka wong-wong kita iki mung sathithik; manawa wong-wong mau padha sabiyantu nglawan kita, mesthi aku bakal padha dikalahake lan ditumpes, iya aku dalah sabrayatku kabeh.”


Kowe nuli munjuka: Abdi dalem punika sami ngingah raja-kaya wiwit alit mila ngantos sapriki, inggih kawula, inggih para leluhur kawula. Iku supaya kowe padha diparengna manggon ana ing tanah Gosyen.” Awitdene wong Mesir iku nganggep nistha marang kabeh pangon wedhus.


Bareng bani Amon weruh, yen dimungsuh Prabu Dawud, banjur kongkonan nyewa wong Aram-Bet-Rekhob lan wong Aram saka Zoba rong puluh ewu wadyabala dharatan, saka ratu ing nagara Maakha wong sewu lan saka wong Tob rolas ewu.


banjur padha matur mangkene: “Pangeran Yehuwah mugi nguninganana pandamel panjenengan sarta maringi paukuman dhateng panjenengan, margi panjenengan sampun sami ndadosaken bacin nama kula sadaya wonten ngarsanipun Sang Prabu Pringon saha para abdinipun, lan margi saking makaten panjenengan prasasat nyepengi lading dhateng tiyang-tiyang punika kangge mejahi kula.”


Sajroning sesasi aku numpes pangone telu. Atiku banjur mangkel banget marang wedhus-wedhuse, sarta wedhus-wedhuse iya padha bosen marang aku.


Sang Yehuwah banjur ngandika marang Senapati Yusak: “Ing dina iki kanisthaning Mesir wus Sunbirat saka sira.” Mulane panggonan kono iku katelah aran Gilgal nganti saiki.


Kowe ndhisikana lakuku menyang ing Gilgal; lan aku bakal nekani kowe arep nyaosake kurban obaran lan kurban slametan. Kowe ngentenana pitung dina lawase, nganti aku nekani kowe lan aweh sumurup marang kowe apa kang wajib koklakoni.”


Anadene Sang Prabu Akhis pracaya marang Sang Dawud, amarga nggalih: “Dawud wus ndadekake awake sinengitan dening bangsane, dheweke mesthi tetep dadi abdiningsun ing salawas-lawase.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan