Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 13:3 - Kitab Sutji

3 Pangeran Yonatan ngasorake bala Filisti kang ngejegi Geba lan prakara iku keprungu dening bala Filisti. Awit saka iku Sang Prabu Saul dhawuh ngunekake kalasangka ing saindenging nagara amarga panggalihe: “Wong Ibrani kareben padha krungu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 13:3
12 Iomraidhean Croise  

Senapati Yoab banjur ngunekake kalasangka, temah sakehing bala padha leren anggone mburu wong Israel lan ora perang maneh.


Nalika semana ing kono pinuju ana wong dursila, jenenge Seba bin Bikri, wong Benyamin, iku ngunekake kalasangka sarta ngucap: “Kita ora duwe panduman saka Dawud. Kita ora duwe warisan tumrap anake Isai. He wong Israel, payo padha mulih menyang kemah kita dhewe-dhewe!”


Nalika samana Sang Prabu Dawud ana ing beteng ing pagunungan lan bala pandhudhukan Filisti ana ing kutha Betlehem.


Wus padha liwat ing jurang panyabrangan, kalawan nguwuh: “Geba iku papan panginepan kita!” Kang manggon ing Rama padha gumeter, kang manggon ing Gibea-Saul padha mlayu.


Tlatahe tanah kono kabeh bakal malih dadi Araba-Yordan, saka ing Geba tekan ing Rimon ing sakidule Yerusalem. Nanging kutha iku bakal munggul dhuwur lan tetep dumunung ana ing panggonane, wiwit saka ing gapura Benyamin nganti tekan ing gapura kang lawas, yaiku gapura Pojok, lan saka menara Hananeel tekan ing pamipitaning anggur kraton.


Kefar-Haamonai, Ofni lan Geba; kutha rolas karo desa-desane.


Saka taler Benyamin: Gibeon sapangonane, Geba sapangonane,


Bareng rawuh ing kono, banjur ngungelake kalasangka ana ing pagunungan Efraim, sarta wong Israel padha ndherek nglurug, mudhun saka ing pagunungan lan panjenengane piyambak ana ing ngarep.


Ing nalika samana Gidheon kalimputan ing Rohe Sang Yehuwah; nuli Gidheon ngunekake kalasangka, wong bani Abiezer padha kaklumpukake padha dikon ngetut buri lakune.


Sawuse iku lakumu bakal tutug ing Gibea Allah, papan pandhudhukane bala Filisti. Lan manawa kowe mlebu kutha, ing kono kowe bakal kapethuk golongane nabi, kang mudhun saka tetengger pangurbanan, ing ngarepe ana wong kang nggawa slukat, trebang, suling lan clempung, iku dhewe padha medhar wangsit kaya nabi.


Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan putrane, sarta bala kang padha ndherek, mapan ana ing Gibea Benyamin, dene wong Filisti padha kekemah ana ing Mikhmas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan