I SAMUEL 13:2 - Kitab Sutji2 Sang Prabu Saul milih wong telung ewu saka antarane wong Israel, kang rong ewu ndherek Sang Prabu ana ing Mikhmas lan ana ing pagunungan Betel, dene kang sewu ndherek Pangeran Yonatan ing Gibea-Benyamin, nanging luwihe saka iku padha didhawuhi mulih menyang kemahe dhewe-dhewe. Faic an caibideil |
Sawuse iku lakumu bakal tutug ing Gibea Allah, papan pandhudhukane bala Filisti. Lan manawa kowe mlebu kutha, ing kono kowe bakal kapethuk golongane nabi, kang mudhun saka tetengger pangurbanan, ing ngarepe ana wong kang nggawa slukat, trebang, suling lan clempung, iku dhewe padha medhar wangsit kaya nabi.