Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 12:3 - Kitab Sutji

3 Iki aku ana ing ngarepmu ana ing kene. Kowe menehana paseksen kang nglawan aku ana ing ngarsane Sang Yehuwah lan ing ngarepe jebadane: Sapine sapa kang wis dakepek? Kuldine sapa kang wis dakepek? Sapa kang tau daktindhes? Sapa kang tau dakkasari? Sapa kang wis tau mbeseli aku kanggo nutupi mripatku? Iku arep dakbalekake.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 12:3
29 Iomraidhean Croise  

Amarga aku ngantepi anggonku lumaku ing margine Sang Yehuwah, lan ora nyingkur Allahku kaya dene wong duraka.


Sumangga ing dinten punika ugi panjenengan wangsulaken pasitenipun, pakebonanipun anggur kaliyan pakebonanipun jaitun punapa dene griyanipun dhateng ingkang gadhah, ugi sambutanipun kaicalna, inggih punika arta saha gandum, anggur kaliyan lisahipun ingkang sampun panjenengan sambutaken dhateng piyambakipun.”


kang ora nganakake dhuwite lan ora nampani besel nglawan wong kang ora lupuh. Sapa kang tumindake kaya mangkono mesthi ora keguh ing salawas-lawase.


Sira aja melik marang omahe pepadhanira; sira aja melik marang somahe pepadhanira, utawa bature lanang lan wadon, sapine utawa kuldine, lan apa bae kang dadi duweke pepadhanira.”


Yen kang dicolong iku katemu isih urip, dadia sapi, kuldi utawa wedhus, iku kudu dilironi tikel loro.


Sira aja nampani besel, marga besel iku marakake wutane wong melek, lan ngisruhake prakarane wong-wong kang bener.


Sapa kang murka marang kauntungan peteng iku ngisruhake brayate dhewe, nanging kang sengit marang besel iku bakal urip.


manawa marga saka kang mangkono iku dadi gawe dosa lan kaluputan, wong iku nuli mbalekna barange kang wus karampas utawa kang wus diebeki utawa kang katitipake, apadene barang anggone nemu mau,


utawa sadhengah apa kang wus diselaki klawan supata goroh, iku mbalekna sageneping pangajine dipunjuli sapralimane, diwenehna marang kang duwe, ing dinane anggone nyaosake kurban dhendha,


Nabi Musa banget dukane, banjur munjuk marang Pangeran Yehuwah: “Sesaosanipun mugi sampun Paduka tampeni, kawula boten nate mendhet kuldinipun namunga satunggal kemawon, saha dhateng tiyang-tiyang wau satunggal kemawon, dereng nate kula nandukaken piawon.”


Atur wangsulane: “Gambar saha seratanipun Sang Nata Agung.” Gusti Yesus banjur ngandika: “Mulane Sang Nata Agung caosana apa kang wajib kacaosake marang Sang Nata Agung lan aturna marang Allah kang wajib kaaturake marang Allah.”


Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”


Salaka utawa emas utawa sandhangan, aku ora tau kepengin, saka sapa bae.


Satemene iki wus kang kaping telune anggonku cecawis arep nemoni kowe, lan aku ora bakal dadi gawemu. Awit dudu barang darbekmu kang dakgoleki, nanging kowe dhewe. Marga dudu anak-anak kang padha wajib nglumpukake bandha kanggo wong tuwane, nanging wong tuwa kanggo anak-anake.


Aja ndhoyongake pangadilan, aja mawang wong, aja nampani besel, marga besel iku mblawurake mripate wong wicaksana sarta nylewengake tembung-tembunge wong kang bener.


Kowe padha dadi seksi, samono uga Gusti Allah, kapriye anggonku padha alaku saleh, adil lan tanpa cacad ana ing antaramu, kang pracaya.


Awit kowe padha sumurup, yen aku padha ora tau nandukake tembung manis, utawa nganggo budi kethaha kang kaalingan, iki Gusti Allah kang nekseni,


Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi.


Nabi Samuel banjur mundhut guci isi lenga, disuntak ing sirahe Saul, diambung karo ngandika: “Sang Yehuwah rak wus njebadi kowe dadi ratu tumrap umate Israel? Kowe bakal nyekel paprentahan, ngereh umate Sang Yehuwah lan kowe bakal ngluwari bangsa Israel saka ing tangane para mungsuh ing sakubenge. Iki pratandhane kanggo kowe, yen Sang Yehuwah wis njebadi kowe dadi ratune kagungane piyambak:


Wangsulane wong kang padha dipangandikani: “Panjenengan boten nindhes kula, lan boten nate tumindhak kasar, punapa dene panjenengan boten nate nampeni punapa-punapa saking sinten kemawon.”


Panjenengane nuli ngandika marang wong-wong mau: “Sang Yehuwah kang dadi seksi marang kowe, lan kang dijebadi Panjenengane kang dadi seksi ing dina iki, yen kowe padha ora nemu apa-apa ana ing tanganku.” Wangsulane para wong mau: “Panjenenganipun dadosa seksi.”


Lah Ingsun bakal ngadegake Imam kang kena dipracaya, kang lakune condhong karo panggalihingSun, lan karo jiwaningSun, lan Ingsun bakal nuwuhake turun kang setya tuhu, temah iku bakal urip ana ing ngarepe kang Sunjebadi.


Kauningana, ing dinten punika panjenengan dalem mirsa piyambak, bilih Sang Yehuwah sampun masrahaken panjenengan dalem ing tangan kawula wonten ing guwa punika; wonten tiyang ingkang aken kawula supados nyedani panjenengan dalem, nanging kawula ngeman dumateng panjenengan dalem, awit pamanggih kawula: Aku ora bakal mulung tanganku nglawan marang gustiku, amarga panjenengane wus jinebadan dening Sang Yehuwah.


Panggalihe Sang Dawud dadi goreh amarga ngiris poncoting pangagemane Sang Prabu Saul;


nuli ngandika marang para pandhereke: “Sang Yehuwah muga ngedohna aku saka pratingkah kang mangkono marang gustiku, marang jebadaning Yehuwah, yaiku mulung tanganku nglawan marang panjenengane, awit panjenengane iku kang jinebadan dening Sang Yehuwah.”


Muga Pangeran Yehuwah ngedohna aku saka namakake tanganku marang jebadane Pangeran Yehuwah. Tumbak kang ana ing ulon-ulone lan kendhi iku jupuken lan payo padha lunga.”


Nanging Sang Dawud ngandika marang Abisai: “Aja koksedani panjenengane, amarga sapa ta kang namakake tangane marang jebadane Sang Yehuwah, kok ora luput saka ing paukuman?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan