Ature Esap marang kang rama: “Punapa rama namung kagungan berkah satunggal punika, dhuh rama? Bok kula inggih dipun paringi berkah inggih rama!” Esap tumuli nangis seru.
mugi kaparingana dhateng kawula: turunipun pitu, badhe kawula gantung wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah wonten ing Gibeon, ing paredenipun Sang Yehuwah.” Tumuli pangandikane Sang Prabu: “Iya, ingsun bakal maringake wong iku.”
Sang Akhiezer, tetindhihe, lan Sang Yoas, para putrane Sang Semaa wong Gibea; Sang Yeziel lan Sang Pelet, para putrane Sang Azmawet, Sang Berakha lan Sang Yehu, wong Anatot;
Padha elinga marang para pasakitan, jalaran kowe dhewe uga pasakitan. Sarta padha elinga marang wong kang padha kinaniaya, amarga kowe dhewe iya isih urip ana ing donya iki.
Wong Israel nuli padha mangkat sarta nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nganti ing wayah sore, wasana padha neges marang Sang Yehuwah, unjuke: “Punapa kawula sami nempuh perang malih, nglawan sadherek kawula tiyang Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Mangsaha nglawan wong-wong iku!”
Wong Israel kabeh, yaiku wong sabangsa kabeh banjur padha mangkat menyang ing Betel, ana ing kono padha nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha puwasa sadina iku nganti ing wayah sore, apadene padha nyaosake kurban obaran lan kurban slametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
Nalika bangsa iku tumeka ing Betel sarta andher ana ing kono ana ing ngarsane Gusti Allah, nganti tumeka ing wayah sore, tumuli padha ngulukake swarane karo nangis kelara-lara.
Ana dene Sang Prabu Saul lenggah ana ing tapel-watese Gibea ing sangisore wit dlima kang ana ing Migron. Lan wong akeh kang ndherek Sang Prabu Saul kehe kira-kira wong nem atus.