I SAMUEL 11:2 - Kitab Sutji2 Nanging Sang Prabu Nahas, ratu ing Amon, paring pangandika marang wong iku: “Sarate anggonku gawe prajanjian karo kowe mangkene: saben wong mripate tengen bakal suncuplak; sarana patrap mangkono aku bakal gawe wirange sakehe wong Israel.” Faic an caibideil |
Aja padha ngrungokake kandhane Hizkia, sabab mangkene pangandikane Sang Nata ing Asyur: Sira nganakna prajanjian kalawan ingsun bab anggonira masrahake samubarang kabeh marang ingsun, banjur padha metua sowana marang ing ngarsaningsun; saben wong banjur bakal mangan saka wite anggur dhewe lan saka wite anjir dhewe sarta bakal ngombe saka ing sumure dhewe,
Dawud banjur kandha marang wong kang padha ana ing sandhinge: “Badhe tampi ganjaran punapa tiyang ingkang saged ngawonaken tiyang Filisti punika lan ngicali kalingsemanipun bangsa Israel? Sinten ta tiyang Filisti ingkang boten tetak punika, dene ngantos kamipurun nyepelekaken barisanipun Gusti Allah ingkang asipat gesang?”