Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 10:9 - Kitab Sutji

9 Bareng Saul ungkur-ungkuran karo Nabi Samuel Gusti Allah nyantuni atine Saul dadi seje. Lan sakehing pranatan kang kapratelakake mau padha kelakon ing dina iku uga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 10:9
9 Iomraidhean Croise  

Ingsun bakal maringi ati kang anyar marang sira lan roh kang anyar ana ing sajroning batinira sarta Ingsun bakal ngedohake saka ing sira atinira kang wangkot tuwin sira Sunparingi ati kang mbangun miturut.


Karone banjur padha mangkat lan satekane ing kutha, tinemune iya kaya kang wis kapangandikakake dening Gusti Yesus. Banjur padha nyawisake Paskah.


Sang Malaekate Pangeran Yehuwah banjur ngayatake lantaran kang ana ing astane, pucuke didemokake ing iwak lan roti mau, tumuli ana geni mubal saka ing watu iku kang banjur mangsa daging lan roti mau nganti entek. Sawuse mangkono Sang Malaekate Pangeran Yehuwah musna saka ing pandelenge.


nuli sira bakal krungu apa kang dadi rerasanane, temah sira bakal wani mudhun nempuh pakemahane iku.” Sang Gidheon tumuli mandhap kanthi abdine si Pura iku, nganti tekan ing pajaganing wadya-bala kang ngarep dhewe ing pakemahan kono.


Nabi Samuel banjur mundhut wadhahe sungu kang isi lenga lan Dawud dijebadi ana ing satengahing sadulur-sadulure. Wiwit ing dina iku lan sabanjure Rohe Sang Yehuwah nunggil karo Dawud. Nabi Samuel banjur tindak kondur menyang ing Rama.


Lah Ingsun bakal ngadegake Imam kang kena dipracaya, kang lakune condhong karo panggalihingSun, lan karo jiwaningSun, lan Ingsun bakal nuwuhake turun kang setya tuhu, temah iku bakal urip ana ing ngarepe kang Sunjebadi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan