Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 10:2 - Kitab Sutji

2 Samangsa ing dina iki kowe mangkat saka kene, kowe bakal kapethuk karo wong loro ing sacedake pasareane Ibu Rakhel, ing tlatah Benyamin, ing Zelzah. Iku bakal tutur marang kowe: Kuldi-kuldi kang kokgoleki iku wis ketemu; lan bapakmu ora mikir marang kuldine maneh, nanging genti nyumelangake marang kowe, pangucape: Kapriye akalku kanggo anakku iki?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 10:2
7 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono tumuli padha budhal saka Betel. Bareng lakune tekan ing sacedhake Efrata, Rakhel nglairake jabang bayi, dene anggone duwe anak iku rekasa banget.


Dene mungguh aku iki, nalika tekaku saka ing Padan, kepaten Rakhel ana ing tanah Kanaan ing dalan kang wus ora pati adoh karo Efrata, nuli dakkubur ana ing kono, ing pinggir dalan kang anjog ing Efrata,” – iya iku Betlehem.


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Rongokna! Ing Rama keprungu swaraning tangis, tangis kang ngeres-eresi. Rakhel nangisi anak-anake, lumuh linipur jalaran saka anak-anake, amarga wus padha ora ana maneh.


Zela, Elef lan Yebus, yaiku Yerusalem, Gibeat lan Kiryat; kutha patbelas karo desa-desane. Iku mau tanah-pusakane bani Benyamin miturut gotrah-gotrahe.


Saul banjur carita marang pamane: “Lajeng kemawon kula sami dipun pangandikani bilih kuldi-kuldi punika sampun pinanggih.” Nanging bab anggone bakal jumeneng ratu kaya kang dingandikakake dening Nabi Samuel, ora dilairake marang pamane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan