9 Nuju ing sawijining dina sabubare padha mangan lan ngombe ana ing Silo, Hana banjur ngadeg, nalika Imam Eli pinuju lenggah ana ing kursi sandhing pipining lawang ing padalemane suci Sang Yehuwah,
Sang Prabu ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika manggen wonten ing griya kajeng eres, mangka pethinipun Gusti Allah wonten ing ngandhap tendha.”
Saprakara kang wus daksuwun marang Sang Yehuwah, yaiku kang dakpengini muga bisa manggon ana ing padalemane Sang Yehuwah ing salawase urip, nyawang kadarmane Sang Yehuwah sarta ngrasakake nikmate ana ing pasucene.
Swantene Sang Yehuwah njalari menjangan meteng padha manak, malah njalari alas-alas padha gundhul, sarta kang ana ing padalemane padha nguwuh: “Linuhurna!”
nuli bendarane nyebakna marang ing ngarsane Gusti Allah, banjur digawa menyang cedhak lawang utawa dhempele, sarta dicublesa godhohing kupinge ngganggo uncek dening bendarane, nuli tetepa ngenger sajege urip.
Satekane wong iku, Imam Eli pinuju lenggah ing kursi ing pinggir dalan ngadhang-adhang pawarta, panggalihe tansah dheg-dhegan, jalaran saka pethine Gusti Allah iku. Nalika wong iku lumebu ing kutha lan ngandhakake pawarta iku, wong sawarataning kutha kabeh padha nangis pating jlerit.