Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 1:8 - Kitab Sutji

8 Elkana, somahe nuli mituturi mangkene: “Hana, yagene kowe nangis lan apa sebabe kowe emoh mangan? Ajine awakku apa ora ngungkuli anak lanang sepuluh?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 1:8
11 Iomraidhean Croise  

Hazael matur: “Punapa sababipun dene bendara kula kok muwun?” Wangsulane Nabi Elisa: “Sabab aku sumurup, manawa kowe bakal nandukake piala kang gedhe banget marang wong Israel: kuthane beteng bakal padha kokobongi, wonge nonoman bakal padha kokpateni kalawan pedhang, bayine bakal padha kokbantingi lan wonge wadon kang ngandheg bakal padha kokbedheli.”


Wong kang ora welas marang pepadhane, iku nglirwakake pangabekti marang Kang Mahakuwasa.


Supados kawula sageda lumebet dhateng ing ngajengipun misbyah Paduka, sowan dhateng ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang paring suka bingah dhateng kawula, saha memuji binarung swaraning clempung, dhuh Allah, Allah kawula!


Surak-suraka, he wong gabug kang ora tau nglairake jabang bayi! Bungaha kalawan sumyak-sumyak lan giyak-giyaka, he sira kang ora tau nglarani! Amarga kang ditinggal dening sing lanang iku bakal duwe anak kehe ngungkuli anake wong kang padha bebojoan, mangkono pangandikane Sang Yehuwah.


Awit kayadene wong wadon kang ditinggal lan kang susah atine anggonira katimbalan maneh dening Sang Yehuwah; garwa jaka-lara rak ora bakal tetep katampik? Mangkono pangandikane Gusti Allahira.


Malaekat iku banjur padha ngandika marang Maryam: “Ibu, kena apa kowe nangis?” Ature Maryam: “Gusti kula dipun pendhet tiyang lan kula boten sumerep wonten ing pundi anggenipun nyarekaken.”


Gusti Yesus tumuli ngandika: “Ibu, kena apa kowe nangis? Kowe nggoleki sapa?” Panyanane Maryam iku juru taman, banjur matur: “Bapak, manawi sampeyan ingkang mendhet Panjenenganipun, kula sampeyan criyosi, wonten ing pundi anggen sampeyan nyarekaken, kula pendhetipun.”


Aku iya padha aweh pitutur marang kowe, para sadulur, wong kang uripe padha ora tumata iku perdinen, wong kang padha cilik atine iku lipuren, wong kang ringkih padha belanana. Sing sabar marang wong kabeh.


Lan piyambakipun ingkang badhe nglejaraken panggalih panjenengan saha ngopeni panjenengan ing wekdal panjenengan sampun uwanen, amargi mantu panjenengan ingkang tresna dhateng panjenengan sampun nglairaken jabang bayi, ingkang aosipun nglangkungi anak jaler pitu.”


Kaya mengkono kang kelakon ing saben taun, saben Hana munggah menyang ing padalemane Sang Yehuwah, Penina nglarakake atine, Hana temah nangis lan emoh mangan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan