Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 1:7 - Kitab Sutji

7 Kaya mengkono kang kelakon ing saben taun, saben Hana munggah menyang ing padalemane Sang Yehuwah, Penina nglarakake atine, Hana temah nangis lan emoh mangan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 1:7
7 Iomraidhean Croise  

Amargi dinten-dinten kawula telas kados kukus, balung kawula sami mengangah kados prapen.


Manah kawula pinupuh sarta alum kados rumput, ngantos kawula kasupen nedha roti kawula.


ana wong saka Sikhem, Silo lan Samaria, cacahe wolung puluh, kang padha cukur jenggot, panganggone rowak-rawek, lan awake pating glaret; wong iku padha nggawa kurban dhaharan lan menyan arep disaosake ana ing padalemane Sang Yehuwah.


Nanging marune tansah nglarakake atine kareben nepsu, amarga Sang Yehuwah nutup guwagarbane.


Elkana, somahe nuli mituturi mangkene: “Hana, yagene kowe nangis lan apa sebabe kowe emoh mangan? Ajine awakku apa ora ngungkuli anak lanang sepuluh?”


Hana banjur ndedonga, unjuke: “Manah kawula abingah-bingah margi Sang Yehuwah, singating karosan kawula linuhuraken dening Sang Yehuwah; cangkem kawula ngolok-olok satru kawula, awit kawula asuka-rena margi saking pitulungan Paduka.


Saben taun embokne nggawekake jubah cilik lan digawa diwenehake marang Samuel, manawa melu bojone munggah nyaosake kurban sembelehan taunan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan