Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




I SAMUEL 1:5 - Kitab Sutji

5 Sanadyan Hana dikasihi, uga mung oleh saduman, awit Sang Yehuwah ora maringi anak marang dheweke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




I SAMUEL 1:5
9 Iomraidhean Croise  

Anadene Sarai mau gabug ora duwe anak.


Anadene Ibu Sarai, garwane Rama Abram iku ora kagungan putra. Panjenengane kagungan abdi wadon bangsa Mesir jenenge Hagar.


Awit dene ing maune Sang Yehuwah ngganjar gabug ing sadhengah wong wadon ing kratone Sang Prabu Abimelekh, marga saka Ibu Sara garwane Rama Abraham.


Rakhel bareng rumangsa yen ora patutan karo Yakub, banjur meri marang mbakyune sarta matur marang Yakub: “Bok kula sampeyan sukani anak! Manawi boten, kula luwung pejah.”


Ing kono Yakub tuwuh nepsune marang Rakhel, pangucape: “Apa aku sesulihe Gusti Allah, kang ora marengake kowe ngandhut?”


Sang Yusuf banjur dhawuh maringake dhaharan saka ing mejane marang para sadhereke, nanging pandumane Benyamin tikel lima tinimbang liyane. Karodene padha ngombe lan suka rena bareng karo Sang Yusuf.


Karomaneh siji-sijine diparingi panganggo sapangadeg lan Benyamin diparingi telung atus dhuwit salaka lan sandhangan limang pangadeg.


“Saupama ana wong kang duwe rabi loro, kang siji ditresnani, sijine ora ditresnani, mangka karo-karone padha nglairake anak lanang, yaiku wong wadon kang ditresnani lan kang ora ditresnani, mangka kang pambarep iku patutan karo kang ora ditresnani,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan