Wong Gilead iku padha ngejegi pasabrangane bengawan Yarden, kanggo nyegat wong Efraim. Manawa ana wong Efraim kang keplayu, nuli nembung arep nyabrang, wong Gilead tumuli padha nakoni: “Apa kowe wong Efraim?” Dene manawa mangsuli: “Dudu”,
Nalika ing Israel ora ana ratune kelakon ana sawijining wong Lewi kang neneka, manggon ana ing pungkurane pagunungan Efraim, kang ngalap bojo selir saka ing Betlehem-Yehuda.
Ibu Dhebora iku saben-saben lenggah ana ing sangisore wit kurma Dhebora, ing antarane Rama lan Betel, ing pagunungan Efraim, lan wong Israel banjur padha sowan marang ing ngarsane prelu nyuwun pangadilan.
Wong mau jenenge Elimelekh, somahe jenenge Naomi lan anake loro jenenge Makhlon lan Khilyon, padha wong Efrata, saka ing Betlehem – Yehuda; satekane ing tlatah Moab, banjur padha manggon ana ing kono.
Esuke wayah umun-umun padha tangi nuli sujud manembah ana ing ngarsane Sang Yehuwah, wasana banjur padha bali mulih menyang ing Rama. Nalika Elkana nunggal turu karo Hana, bojone, diengeti dening Sang Yehuwah.
Dawud iku anake wong Efrata, ing Betlehem-Yehuda, kang aran Isai. Isai duwe anak lanang wolu. Nalika jumenenge Sang Prabu Saul wong iku wis tuwa lan akeh umure.
Nuli kondur menyang ing Rama, amarga daleme ana ing kono, lan saka ing kono anggone ngereh wong Israel, lan ana ing kono panjenengane yasa misbyah kagem Sang Yehuwah.
Nuli padha budhal njlajahi pagunungan Efraim, lakune uga ngliwati tanah Salisa, nanging kuldine ora ketemu. Banjur njlajahi tanah Sahalim, nanging kuldine iya ora ana; wusana njlajahi tanah Benyamin, nanging uga ora ketemu.
Bareng lakune tekan ing tanah Zuf, Saul tutur marang bature kang melu: “Payo padha mulih. Mengko bapak wis ora nggalih marang kuldine maneh, nanging genti nyumelangake aku lan kowe.”