Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II YOKANAN 1:8 - Kitab Sutji

8 Padha diwaspada, supaya kowe aja nganti kelangan apa kang wus padha dakgarap, nanging supaya genepa anggonmu padha nampani ganjaran.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II YOKANAN 1:8
20 Iomraidhean Croise  

Wong-wong wicaksana bakal padha sumunar kaya cahyaning langit, tuwin kang wus nenuntun wong akeh marang kabeneran bakal kaya lintang ing salawas-lawase.


Paring wangsulane Gusti: “Padha diawas, aja nganti kowe disasarake ing wong!


Mulane sing padha ngati-ati! Sadurunge iku kabeh wis Daktuturake marang kowe.”


Nanging kowe sing awas, sing ngati-ati! Kowe bakal padha diladekake marang pradata agama, lan kowe bakal padha digebugi ana ing papan pangibadah sarta bakal disebakake marang ngarsane para kang ngasta panguwasa lan para raja marga saka Aku, minangka paseksi ana ing ngarsane.


Pangandikane marang wong iku: Dene sira nguwasanana kutha lima.


Paring wangsulane: “Sing padha waspada, supaya kowe aja nganti disasarake. Amarga bakal ana wong akeh kang padha teka nganggo jenengKu lan calathu: Iya aku iki Panjenengane lan iki wus ndungkap wektune. Kowe aja ngetut-buri wong-wong iku.


Saiki kang derep wus tampa bawon, sarta nglumpukake woh kang tumuju marang ing urip langgeng, satemah kang nyebar lan kang derep loro-lorone padha bungah.


Dene kang keri dhewe, ngatingal marang aku, padha kayadene marang anak kang lair durung mangsane.


Manawa garapan kang diedegake bisa lestari, wong iku bakal tampa pituwas.


Anadene kang nandur, lan kang nyirami iku padha; siji-sijine bakal padha nampani pituwase dhewe-dhewe, laras karo ayahane.


Apa muspra kabeh kang wus padha kokalami kang samono akehe iku? Masa yen muspra!


Aku kuwatir yen kangelanku kanggo kowe iku tanpa tuwas.


Mung bae apa kang wus kita gayuh iku kita terusna metu ing dalan kang wus kita liwati.


Padha elinga marang mangsa kang wis kapungkur. Sawuse kowe tampa pepadhang, kowe kerep padha nandhang sangsara akeh amarga kowe betah nglakoni perjuangan kang abot,


Kang iku aja padha mbuwang pracayamu, amarga bakal gedhe ganjarane.


Padha diawas aja nganti ana sing ngoncati sih-rahmate Gusti Allah, supaya aja nganti ana oyod pait kang thukul, kang nuwuhake rerusuh sarta kang njemberi wong akeh.


Ingsun bakal dumrojog rawuh. Apa kang sira duweni iku kukuhana, supaya aja ana wong kang ngepek makuthanira.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan