Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




II YOKANAN 1:12 - Kitab Sutji

12 Sanadyan akeh kang prelu daktulis ing layang marang kowe iki, mung bae karepku aja lantaran dluwang lan mangsi, nanging pangarep-arepku bakal nekani kowe, banjur rerasanan adu arep karo kowe kabeh, supaya bungah kita bisa katog.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




II YOKANAN 1:12
15 Iomraidhean Croise  

aben lesan anggoningSun ngandikan, klawan terus terang, ora klawan cangkriman, malah nganti kalilan ndeleng pasemone Pangeran Yehuwah. Kang iku yagene sira kok ora wedi nutuh marang abdiningSun Musa iku?”


Kabeh iku Daktuturake marang kowe, supaya kabungahanKu dumununga ing kowe lan kabungahanmu dadia sampurna.


Isih akeh prakara kang prelu Daktuturake marang kowe, nanging saiki kowe durung bisa nggayuh.


Nganti saprene kowe durung tau nyuwun apa-apa atas saka jenengKu. Padha nyenyuwuna, kowe mesthi bakal padha kaparingan supaya sampurnaa kabungahanmu.


Nanging samangke, Kawula sowan dhateng ing ngarsa Paduka, lan Kawula ngaturaken sadaya punika ing salebetipun Kawula taksih wonten ing donya, supados sampurnaa kabingahan Kawula wonten ing tiyang-tiyang wau.


Kang nduweni panganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake, iku bungah banget ngrungokake swarane panganten lanang iku. Iya iku kabungahanku lan kang kaya mangkono iku saiki wus katutugan.


mulane dakarah sajrone lakuku menyang ing tanah Spanyol, bisaa mampir menyang ing padununganmu, lan ketemu karo kowe, temah kowe banjur padha bisa ngeterake aku mrana, sawise aku ing sawatara ngrasakake seneng marga bisa ketemu karo kowe kabeh.


Lan manawa aku kelingan marang anggonmu ngruntuhake luh, aku banjur kapengin ndeleng kowe maneh, supaya aku kapenuhana ing kabungahan.


Kajaba saka iku aku iya cawisana papan pamondhokan, marga saka pandongamu, aku duwe pangarep-arep yen aku bakal kaparingake marang kowe kabeh maneh.


Luwih maneh pituturku marang kowe, supaya kowe padha nindakake mangkono iku supaya aku enggal-enggala kabalekake marang kowe.


Wruhanamu, manawa sadulur Timoteus, iya sadulur kita, wus mangkat. Samasa iku wus teka, aku arep enggal niliki kowe kabeh bareng dheweke.


Dene anggonku nulis bab iki mau kabeh marang kowe iku supaya kabungahanku dadia sampurna.


Mulane besuk satekaku bakal dakwelehake kang dadi panggawene, anggone crewet ngala-ala kanthi tembung-tembung kang kasar marang aku kabeh, lan ora trima mangkono bae, malah nganti dheweke dhewe ora mung ora gelem nampani marang para sadulur kang teka bae, nanging sapa kang arep nampani wong-wong mau padha dicegah, sarta disebratake saka ing pasamuwan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan