Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni. Nanging ketokna welas-asihmu kakanthenan wedi, uga marang wong liya, sarta padha sengita marang sandhangane wong-wong kang kajemberake dening pepenginan-pepenginaning daging.
Aku tumuli krungu swara liyane, saka ing swarga, kang ngandika: “He, umatingSun, padha sumingkira saka ing antarane, supaya sira aja nganti kalepetan ing dosane, lan aja nganti melu kena ing wewelake.